Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2025

Isi lan Amanate Tembang Pangkur Pada 1 - 8

Gambar
  Isi lan Pituture Tembang Pangkur Dening Eko Hastuti Pada 1 Sekar Pangkur kang winarna, lelabuhan kang kangge wong aurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton punika dipun kadulu, miwah ingkang tatakrama, den kaesthi siyang ratri . Isi        = Kudu mangerteni bab ala lan becik, adat/aturan, lan tata krama, kang ditindakake awan               lan bengi Amanat= 1.      Wong urip kudu bisa mbedakake bab alla lan becik. 2.      Yen kepingin uripe slamet, becike wong iku ngerti adat lan aturan sing lumaku. 3.      Tata krama iku kudu dilakoni ing ngendi wae. 4.      Wong sing ora nduweni tata krama, uripe bakal ketula-tula. Pada 2 Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angu...

Tembung Angel lan Tegese Tembang Pangkur

Gambar
  Tembang Pangkur Dening Eko Hastuti Tembang Pangkur iku salah sijine tembang Macapat kang kaemot ing Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Paku Buwana IV, raja Surakarta. Tembung Wulangreh saka wulang (pitutur/ajaran) lan reh (dalan, aturan/tuntunan). Wulangreh tegese ajaran/piwulang kanggo nggayuh laku kang becik marang manungsa. Tuladha piwulang ing Serat Wulangreh, kaya mangkene. Dadia bocah kang bekti lair batin marang wong tuwa. Aja gampang mongkog/marem marang nasib kang ditampa. Yen durung paham bab agama, nyuwun priksaa marang alim ulama. Dadia wong kang nduweni tata krama supaya uripe ora ketula-tula. Bisaa mbedakake bab apik lan bab ala. Nalika kekancan miliha bocah sing watake becik, mundhak ketularan tumindak ala. Pathokane tembang Pangkur: a.     Guru gatra ( cacahe gatra/larik saben sapada)   : 7 gatra b.    Guru wilangan (cacahe wanda saben sagatra) : 8, 8, 7, 12, 8, 8 c.     Guru lagu /dhong-dhing (tibane...