Isi lan Amanate Tembang Pangkur Pada 1 - 8


 

Isi lan Pituture Tembang Pangkur

Dening Eko Hastuti

Pada 1

Sekar Pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kangge wong aurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton punika dipun kadulu,
miwah ingkang tatakrama,
den kaesthi siyang ratri
.

Isi        = Kudu mangerteni bab ala lan becik, adat/aturan, lan tata krama, kang ditindakake awan

              lan bengi

Amanat=

1.     Wong urip kudu bisa mbedakake bab alla lan becik.

2.     Yen kepingin uripe slamet, becike wong iku ngerti adat lan aturan sing lumaku.

3.     Tata krama iku kudu dilakoni ing ngendi wae.

4.     Wong sing ora nduweni tata krama, uripe bakal ketula-tula.

Pada 2

Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.

Isi        = Deduga, prayoga, watara, lan reringa kudu dilakoni kapan wae.

Amanat           =

1.     Tumindak apa wae kudu ngati-ati supaya slamet.

2.     Nduwea duga-duga yen kepingin kasil apa kang dilakoni.

3.     Wong urip luwih becik nduweni rasa pangira-ira ing samubarang perkara

4.     Aja grusa-grusu nalika tumandang apa wae.

Pada 3

Miwah ta sabarang karya,
ing prakara kang gedhe lan kang cilik,
papat ikut aja kantun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi nagara miwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambegan,
papat iku aja lali.


Isi        =  Papat mau kudu dilakoni saben dina ing ngendi  wae

Amanat           =

1.     Nalika ngadhepi prakara, gedhe utawa cilik kudu ngati-ati

2.     Ing ngendi wae tansah nduweni duga-duga supaya ora rekas uripe

3.     Luwih becik wong kuwi nduweni lelimbangan ing bab apa wae

4.     Ing kutha utawa ing desa tetep kudu ngati-ati

Pada 4

Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira cedhak-cedhaka

Isi        = Kudu nduweni nalar/pikiran supaya ngerti ala apik, adat/aturan lan ora gawe karusakan.

Amanat           =

1.     Wong iku ora kena ninggal nalar/pikiran ing uripe.

2.     Aja ngumpul karo wong sing ora duwe akal/pikiran ben slamet.

3.     Aja nyedhaki wong sing ora duwe adat/aturan amarga bisa nulari.

4.     Urip iku ana aturane mula aja nggugu karepe dhewe.

Pada 5

Pan wus watake manungsa,
pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadi panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang sugih lan kang melarat,
tanapi manusa sugih.

Isi        = Tumindake wong iku nggambarake watak utawa bebudene.

Amanat           =

1.     Nalika mlaku sing nganggo tata krama jalaran mratandhani watakmu.

2.     Tumindak apa wae sing becik supaya ora kakehan prakara.

3.     Ngomonga saperlune supaya ora diarani wong umuk.

4.     Wong kang diurmati iku ora merga nduweni drajat, pinter, utawa sugih nanging saka tumindake kang becik.

Pada 6

Ngulama miwah maksiyat,

wong kang kendel tanapi wong kang jirih,

durjana bobotoh kaum,

lanang wadon pan padha,

pinitiking manungsa wewatekipun,

apadene wong kang nyata,

ing pangawruh kang wis pasti.

 

Isi   = Titikane wong iku ketok saka tingkah-lakune

Amanat     =

  1. Wong ala utawa apik iku ketok saka tumindake mula ngati-ati.
  2. Wong lanang utawa wadon iku duwe aturan sing kudu dinut.
  3. Wateke wong bisa dideleng saka tumindake mula sik waspada. 
  4. Yen duweni kapinteran aja dinggo sakarepe dhewe, becik bisa migunani kanggo wong liya.

Pada 7

Tinitik ing solah bawa,

muna-muni ing laku lawan linggih,

iku panengeran agung,

winawas ginrahita,

pramilane ing wong kuna-kuna iku,

yen amawas ing sujanma,

datan amindho gaweni,

 

Isi        = Watake wong bisa dideleng saka carane ngomong, mlaku, lan lungguh mula wong

    biyen bisa niteni kanthi bener.

Amanat           =

1.     Watake wong iku gampang dimangerteni saka tindak-tanduke mula sing ngati-ati.

2.     Yen ngomong sing ngati-ati, aja umuk.

3.     Nalika mlaku sing apik lan pantes ben ora disengiti wong akeh.

4.     Menawa kepingin ngerteni watake wong, delengen saka carane mlaku, ngomong/lungguh.

Pada 8

Ginulang sadina-dina,

wiwekane mindeng basa basuki,

ujub riya kibiripun,

sumunggah tan kanggonan,

mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung,

ujar sirik kang rineksa,

kautaman ulah wadi,.

Isi        = Tumindak apik iku luwih utama lan tansah pasrah marang Gusti

Amanat           =

1.     Tumindaka kang becik aja malah tumindake ala.

2.     Ngomonga kanthi basa kang alus ben diajeni wong liya.

3.     Yen dhewe wis ikhiyar samampune, bacute geri pasrah marang kersane Gusti.

4.     Yen dhewe gelem ngajeni wong liya bakal genti diajeni.

Menehi Tanggapan Saben Pada

Sawise mangerteni isi lan amanate tembang Pangkur kasebut, ayo padha glandhen menehi komentar/tanggapan kang becik lan mupangat!

Tuladha komentar pada 1=

1.     Aku setuju yen wong urip iku kudu tansah ngati-ati supaya uripe kepenak.

2.     Wong sing tumindake ala uripe bisa rekasa lan kakehan prakara.

3.     Menawi nggadhahi tata krama, gesang kita badhe diajeni tiyang sanes.

4.     Duga-duga menika kedah dilampahi nalika ngadhepi prekawis ageng utawi alit.

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tembang Dhandhanggula kanggo SMP kelas IX

Crita Legenda

Amanate tembang Dhandhanggula