Tembung Angel lan Tegese Tembang Pangkur

 

Tembang Pangkur

Dening Eko Hastuti

Tembang Pangkur iku salah sijine tembang Macapat kang kaemot ing Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Paku Buwana IV, raja Surakarta. Tembung Wulangreh saka wulang (pitutur/ajaran) lan reh (dalan, aturan/tuntunan). Wulangreh tegese ajaran/piwulang kanggo nggayuh laku kang becik marang manungsa.

Tuladha piwulang ing Serat Wulangreh, kaya mangkene. Dadia bocah kang bekti lair batin marang wong tuwa. Aja gampang mongkog/marem marang nasib kang ditampa. Yen durung paham bab agama, nyuwun priksaa marang alim ulama. Dadia wong kang nduweni tata krama supaya uripe ora ketula-tula. Bisaa mbedakake bab apik lan bab ala. Nalika kekancan miliha bocah sing watake becik, mundhak ketularan tumindak ala.

Pathokane tembang Pangkur:

a.    Guru gatra ( cacahe gatra/larik saben sapada)  : 7 gatra

b.   Guru wilangan (cacahe wanda saben sagatra) : 8, 8, 7, 12, 8, 8

c.    Guru lagu /dhong-dhing (tibane swara ing pungkasane gatra : a,I,u,a,u,a,i

Tembung Angel lan Tegese

Pada 1:

Sekar Pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kangge wong aurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton punika dipun kadulu,
miwah ingkang tatakrama,
den kaesthi siyang ratri
.

Tembung angel:

sekar               = tembang

winarna           = kacritakake

lelabuhan        = pengabdian/perjuangan

prayoga           = luwih becik

adat waton/ aturan/tatanan

dipunkadulu    = dimangerteni

miwah             = lan/karo

denkaesti         = dilakoni

 

Pada 2 :

Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.

Tembung angel:


Duduga           = kira-kira

Lawan/myang = lan

watara             = kurang luwih

riringa             = ngati-ati

aywa                = aja

parabot satuhu = piranti utama

tan kena          = ora kena

tiningala          = ditinggal/dilalekake

tuwin               = lan/karo

angucap           = ngomong

anendra           = turu

nora keri         = ora keri

 

Pada 3:

Miwah ta sabarang karya,
ing prakara kang gedhe lan kang cilik,
papat ikut aja kantun,
kanggo sadina-dina,
rina wengi nagara miwah ing dhusun,
kabeh kang padha ambegan,
papat iku aja lali.


Tembung angel :

sabarang karya= apa wae

prakara            = perkara/masalah

datan kantun   = ora keri

kang padha ambegan = manungsa/wong

 

Pada 4:

Kalamun ana manungsa,
anyinggahi dugi lawan prayogi,
iku watake tan patut,
awor lawan wong kathah,
wong degsura ndaludur tan wruh ing edur,
aja sira cedhak-cedhaka

Tembung angel:

kalamun          = yen

anyinggahi      = ninggal

wateke = watake/sipate

tan patut          = ora pantes

awor                campur/kumpul

degsura           = umuk/gumedhe/kumaki

ndaludur          = ora ngerti aturan

tan wruh ing edur= manut karepe dhewe

sira                  = kowe

pedhak-pedhak= cepak-cepak

neniwasi          = gawe susah/cilaka

 

Pada 5:

Pan wus watake manungsa,
pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna-muninipun,
pan dadi panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang sugih lan kang melarat,
tanapi manusa sugih.

Tembung angel:

mapan             = manggon

pan                  = bakal/arep

solah               = tumindak

muna-muninipun= omongane

dadya panengeran= dadi ciri/titikan

asor                 = bodho/miskin

tanapi              = utawa

 

Pada 6:

Ngulama miwah maksiyat,

wong kang kendel tanapi wong kang jirih,

durjana bobotoh kaum,

lanang wadon pan padha,

pinitiking manungsa wewatekipun,

apadene wong kang nyata,

ing pangawruh kang wis pasti.

 

Tembung angel:

ngulama          = ulama/wong kang pinter bab agama

maksiyat         = tumindak ala

tanapi              = lan

durjana            = wong ala

bobotoh           = tukang judi

wewatekipun   = watake

pangawruh      = kawruh

 

Pada 7:

Tinitik ing solah bawa,

muna-muni ing laku lawan linggih,

iku panengeran agung,

winawas ginrahita,

pramilane ing wong kuna-kuna iku,

yen amawas ing sujanma,

datan amindho gaweni,

 

Tembung angel:

solah bawa      = tingkah laku

muna-muni     = omongan

panengeran agung= titikan penting

winawas ginrahita= dideleng/disawang

pramila           = mula

amawas           = nrawang

sujanma          = manungsa

datan               = ora

 

Pada 8:

 

Ginulang sadina-dina,

wiwekane mindeng basa basuki,

ujub riya kibiripun,

sumunggah tan kanggonan,

mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung,

ujar sirik kang rineksa,

kautaman ulah wadi,.

 

Tembung angel:

ginulang          = diwulang

wiwekane        = supaya/amrih

mindheng basa basuki= ngomonge sing apik

ujub                 = umuk

riya                  = umuk/gumedhe

kibir                = pamer

sumungah       = umuk/kemaki

mung sumendhe ing karsane= pasrah/sumarah

ujar sirik         = omong ala

rineksa             = dijaga

kautaman        = bab kang utama/becik

ulah wadi        = digoleki

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tembang Dhandhanggula kanggo SMP kelas IX

Crita Legenda

Amanate tembang Dhandhanggula