Isi lan Amanate Tembang Pangkur Pada 1 - 8
Isi lan Pituture Tembang Pangkur Dening Eko Hastuti Pada 1 Sekar Pangkur kang winarna, lelabuhan kang kangge wong aurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton punika dipun kadulu, miwah ingkang tatakrama, den kaesthi siyang ratri . Isi = Kudu mangerteni bab ala lan becik, adat/aturan, lan tata krama, kang ditindakake awan lan bengi Amanat= 1. Wong urip kudu bisa mbedakake bab alla lan becik. 2. Yen kepingin uripe slamet, becike wong iku ngerti adat lan aturan sing lumaku. 3. Tata krama iku kudu dilakoni ing ngendi wae. 4. Wong sing ora nduweni tata krama, uripe bakal ketula-tula. Pada 2 Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angu...