Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2024

Tegese Tembung Angel Teks Sandiwara, “Raja Kidang Garungan”

  Teks Sandiwara, “Raja Kidang Garungan” Tegese Tembung angel : Pinajang          : dipajang, dipamerake Pepaes              : hiasan Pangilon           : Kaca kanggo ngilo Ngilang-ngiling : ngeling-ngeling Sulistya            : ayu Kasengsem       : kayungsun/kepencut/seneng Bengesipun      : gincu/lipstick Tidha-tidha      : ora manteb/ragu-ragu Abrit sanget     : abang banget Lageyanmu      : polahmu, watakmu Nyala wadi       : gawe kuwatir/ana sing dirahasiakake Gumregah        : semangat/grengseng Mbrengkut       : nggawa barang akeh Emban        ...

Teks Sandiwara "Raja Kidang Garungan"

  Raja Kidang Garungan  Babak 1 Adegan I (Ing jeron kraton katon tumata apik. Kursi gedhe pinajang rinengga pepaes dekoratif kang nggambarake swasana ing sajroning taman kaputren.ratu Shinta Dewi lenggah ing kursi sinambi nggawa pengilon kanggo dandan, dikancani para emban cacah loro. Pasuryane katon seneng sumringah, karo mesam-mesem ngilang-iling pengilon kang digegem ing astane)   NARATOR: Kacarita duk nalika jaman semana, mapan ing kraton Dieng ana sawijining ratu kang wus kawentar sulistya ing warni asma ratu Shinta Dewi. Dasar priyayine isih legan durung kagungan garwa mula akeh banget para raja lan pangeran kang kasengsem kayungyun marang Shinta Dewi. Mula ora mokal yen ndadekake ratu Shinta Dewi tidha- tidha anggone arep milih sapa sing paling pantes dadi calon garwane. Wis pirang-pirang cacahe raja lan pangeran kang nglamar Shinta Dewi. Nanging seprana-seprene durung ana sing mathuk ka...

Sandiwara

Gambar
  Asale Tembung Sandiwara Sandiwara saka tembung sandi lan warah. Sandi tegese winadi, disamar utawa disamun (rahasia), dene warah tegese piwulang/pitutur Tegese Sandiwara Sandiwara yaiku piwulang kang diwenehake nganggo disamar utawa ora terang-terangan. Dadi sandiwara kang wujude sawijining lakon   iku isi piwulang kanggo sing padha nonton/ngrungokake. Sandiwara uga diarani drama, teater, utawa tonil. Sandiwara tradisional ana sing awujud kethoprak, ludruk, lan sapiturute manut daerahe dhewe-dhewe. Unggah-Ungguhe Basa kang digunakake ing sandiwara bisa mawa basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Supaya mangerteni isine teks sandiwara, sing maca kudu ngerti tegese tembung-tembung sing ana ing sajroning dialog. Tuladha Judhul Sandiwara Akeh lakon sandiwara sing isine piwulang becik kanggo pepiling tumrap manungsa kang watake durung trep. Sandiwara kalebu susastra, jalaran ora mung isine kang migunani nanging basa kang digunakake kalebu basa kang...