Teks Sandiwara "Raja Kidang Garungan"
Raja Kidang Garungan
Babak 1 Adegan I
(Ing jeron kraton katon
tumata apik. Kursi gedhe pinajang rinengga pepaes dekoratif kang nggambarake swasana ing sajroning
taman kaputren.ratu Shinta Dewi lenggah ing
kursi sinambi nggawa pengilon kanggo dandan, dikancani para emban cacah loro. Pasuryane katon seneng sumringah, karo
mesam-mesem ngilang-iling pengilon kang digegem ing astane)
NARATOR: Kacarita duk nalika jaman semana, mapan
ing kraton Dieng ana sawijining ratu kang wus kawentar sulistya ing warni asma ratu Shinta
Dewi. Dasar priyayine isih legan durung kagungan
garwa mula akeh banget para raja lan pangeran kang kasengsem kayungyun marang Shinta Dewi. Mula ora mokal yen ndadekake ratu Shinta Dewi tidha- tidha anggone arep milih sapa sing paling pantes dadi calon garwane. Wis pirang-pirang cacahe raja lan pangeran kang nglamar Shinta Dewi. Nanging
seprana-seprene durung ana sing mathuk karo kekarepane sang ratu. Kabeh panglamare para satriya mau ditolak dening
Shinta Dewi.
Emban 1 : “Gusti
ratu nyuwun sewu lho menika. Kula tamataken kawit wau kok senyam-senyum kemawon. Sajak happy ngaten?!”
Emban 2 : “Inggih leres gusti ratu, sajak nyela
wadi. Dandan wae kawit mau. Niku lho
bengesipun sampon ketingal abrit sanget. Kok ya isih diolas-oles wae ta ya!” (sinambi ngilang-iling ngubengi ratu Shinta
Dewi).
Shinta Dewi : “Emban,
apa aku wis katon ayu? Iki lho, rumangsaku tatanan
rambutku isih morak-marik ora
karuwan! Ngerti ora kowe, emban? Dina iki aku
arep kerawuhan tamu istimewa.”
Emban 1+ 2 : “Tamu istimewa?”
Shinta Dewi : “Iya, bener emban. Tamu istimewa sing arep ngersakake nglamar aku.”
Emban
1 : “Walah, yen mung tamu badhe nglamar panjenengan ngaten sampun kathah sanget ta, gusti ratu? Nanging inggih dereng wonten ingkang mathuk. Dipilah-dipilih terus. mangke kenging
walat malah pikantuk ingkang awon lho gusti ratu! Hara piye coba yen malah entuk rempelan!”
Emban 2 : “Hus. ! Ngawur kowe emban. Aja sembrana! Iki ratu gustimu lho, malah koksenggaki kaya ngono!”
Emban 1
: “Inggih, nyadhong
duka ingkang kathah.
Maaf gusti ratu! Maaf !”
Shinta Dewi : “Ora papa, emban. Aku wis apal banget karo lageyanmu. Senenganmu glenyengan ceplas-ceplos. Ning yen karo wong liya ora kena kaya ngono, ya! Mengko
bisa kamurkan kowe emban.”
Emban 1+2
: “Inggih, sendika
dhawuh gusti ratu.”
Shinta dewi : “Emban, iki mengko sedhela maneh ana tamu arep sowan.
Ayo enggal papane
diresiki. Ditata sing apik. Aja lali unjukan lan dhaharan kanggo tamu
agung uga dicepakake ya, emban. Wis kana!”
Emban 1+2
: “Inggih, sendika
dhawuh gusti ratu.”
Dumadakan ana swara saka njaba
Prajurit : “Nuwun gusti
ratu, wonten ingkang
badhe marak sowan!”
Ratu Shinta Dewi gumregah enggal-enggal mapan lungguh ing dhampar kencana kanthi patrap
kebak kawibawan.
Shinta Dewi : “Enggal katuran pinarak mrene, prajurit!”
Prajurit : “Sendika
dhawuh Gusti ratu, enggal marak sowan wonten ngarsa panjengan.”
NARATOR : Ora watara suwe katon kledhange prajurit kang marak sowan ing ndherekake utusan kang nedya marak sowan
ana ing ngarsaning ratu Shinta
Dewi. Sang utusan anggone sowan katon mbrengkut ngasta maneka warna sesotya mas inten barleyan
kang diwadhahi ing sandhuwuring nampan.
Pating pencorong pating galebyar soroting sesotya ndadekake para emban lan ratu Shinta Dewi gumun kamitenggengen,
ndomblong ora bisa kumecap apa-apa.
Utusan : “Nuwun, gusti ratu Shinta Dewi. Sowan kula dhateng kraton Dieng menika minangka utusan saking ratu gusti kula Raja Kidang Garungan. Kapurih
ngaturaken sesotya mas inten barleyan minangka bebana kagem ratu Shinta Dewi. Mangga kersaa dipuntampi,
ratu!” (kandha mangkono sang utusan
karo ngulungake nampan kebak sesotya mau. Nanging ratu Shinta Dewi ora age-age nampani).
Shinta Dewi : “Mengko dhisik kisanak. Peparingmu bebana wujud mas inten barleyan
mesthi bakal daktampa. Nanging
sadurunge aku kepengin
mestkekake dhisik
sapa ta sabenere ratu Gustimu raja Kidang Garungan kuwi. Piyayine kaya ngapa lan kepriye watak wantune?
Geneya saiki panjenengane raja Kidang Garungan ora melu rawuh ana kratonku kene?
Utusan : “Kasinggihan
ratu. Kepareng matur, bilih ratu
gusti kula asma raja Kidang Garungan
menika satunggaling nata gung binathara. Sugih
bandha bandhu mas inten raja brana. Dedeg piadegipun ageng inggil gagah pideksa. Lan malih sampun kawentar
minangka raja ingkang sekti mandra
guna tanpa tandhing. Makaten katrangan kula ngengingi ratu gusti kula raja Kidang Garungan. Pramila mangga kersaa
nampi bebana menika,
minangka atur panglamar dhumateng ratu Shinta Dewi.
Shinta Dewi : “Ooo, raja gung binathara, gagah pidekso, sugih rojo brono tuwin sekti
mondroguno. Enggal matura marang ratu gustimu raja Kidang Garungan, yen ta panglamare marang aku daktampa
kanthi gumbiraning manah. ( ngendika
mangkono karo enggal-enggal nampa nampan saisine)
Utusan : “Sendika
dhawuh gusti ratu. Salajengipun kepareng badhe nyuwun pamit.”
Shinta Dewi : “Iya,
iya kisanak. Matura marang raja Kidang Garungan enggal-enggal tindak
mrene. Aku banget
ngantu-antu rawuhe.”
Adegan
II
NARATOR : Ing Kraton Dieng wis samapta
ing gati bakal nampa tamu agung yaiku raja
Kidang Garungan calon garwane ratu Shinta Dewi. Awit saka panyuwune ratu Shinta Dewi, raja Kidang
Garungan kasuwun enggal- enggal
rawuh ing kraton Dieng. Ratu Shinta Dewi wis manteb banget anggone
milih raja Kidang
Garungan minangka calon garwane.
Shinta Dewi : “Emban,
aku kok dheg-dheg an kaya ngene rasane? Saiba gagahe calon garwaku mengko ya, emban?”
Emban 1 : “Gagah, sugih, sekti mandraguna. Harak ngaten ta ingkang dipunidham- idhamaken panjenengan minangka calon garwa?sampun kasembadan sedaya
gusti ratu.”
Emban 2 : “Inggih gusti ratu. Kados sampun
mathuk kaliyan idham-idhaman Panjenengan.
Mugi-mugi enggal kasembadan gusti ratu Shinta Dewi enggal kagarwa dening raja Kidang Garungan.”
Shinta Dewi : “Iya emban, muga-muga
Gusti kang akarya jagad ngabulake
panyuwunku. Aku bisa oleh garwa
kang sampurna. Gagah, sekti mandraguna lan sugih bandha-bandhu.
NARATOR : Saka kadohan katon dampyak-dampyak pangombyonge raja Kidang Garungan
arsa sowan ratu Shinta Dewi. Awit saking ketaman rasa seneng lan gumbira kang matumpuk-tumpuk ratu Shinta Dewi nganti ora wani nyawang blegere raja
Kidang Garungan. Pasuryane tumungkul jero mangandhap.
Kidang Garungan : “Ratu
Shinta Dewi calon garwaku kang sulistya ing warni. Netepi panyuwunmu yen ta aku kudu enggal-enggal nemoni sliramu ing kraton Dieng kene. Saiki aku wis
tekan kene diajeng. Iki dakgawakake maneh
sesotya klangenanmu. Tampanana ratu.”
NARATOR : Gumeter atine ratu Shinta Dewi nalika mirengswarane raja Kidang
Garungan kang gumleger mrebawani. Batine sang ratu tansaya manteb anggone nemtokake pilihan kanggo
milih calon garwa. Banjur tuwuh rasa wani kepngin nyipati
kaya ngapa wujude calon garwane iku. Wiwit saka ngisor ratu
Shinta Dewi ngematake samparane raja Kidang Garungan. Alon-alon nyawang munggah
mandhuwur nganti ndangak merga saking dhuwure dedeg piadege raja kidang garungan kuwi. Nanging saiba kagete ratu Shinta Dewi barang
ngematake mustakane sang raja.
Shinta Dewi :
“Oh ....jagad...jagad dewa bathara. Apa kuwi? Mustakane....
Gladhen:
Sawise teks sandiwara ing dhuwur kokwaca, ayo sebutna tembung-tembung
angel lan tegesana!
Komentar
Posting Komentar