Sandiwara

 



Asale Tembung Sandiwara

Sandiwara saka tembung sandi lan warah. Sandi tegese winadi, disamar utawa disamun (rahasia), dene warah tegese piwulang/pitutur

Tegese Sandiwara

Sandiwara yaiku piwulang kang diwenehake nganggo disamar utawa ora terang-terangan. Dadi sandiwara kang wujude sawijining lakon  iku isi piwulang kanggo sing padha nonton/ngrungokake. Sandiwara uga diarani drama, teater, utawa tonil. Sandiwara tradisional ana sing awujud kethoprak, ludruk, lan sapiturute manut daerahe dhewe-dhewe.

Unggah-Ungguhe Basa kang digunakake ing sandiwara bisa mawa basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Supaya mangerteni isine teks sandiwara, sing maca kudu ngerti tegese tembung-tembung sing ana ing sajroning dialog.

Tuladha Judhul Sandiwara

Akeh lakon sandiwara sing isine piwulang becik kanggo pepiling tumrap manungsa kang watake durung trep. Sandiwara kalebu susastra, jalaran ora mung isine kang migunani nanging basa kang digunakake kalebu basa kang endah. Paraga ing sandiwara mragakake watek utawa tindak tanduke manungsa kang maneka warna.

Tuladha Judhul/Irah-irahane sandiwara:

1.     Raja Kidang Garungan

2.     Andhe-andhe Lumut

3.     Saur Sepuh

4.     Tan Kinira

5.     Mak Lampir

Dimensi Paraga

Ing sandiwara, paraga lumrahe nduweni 3 dimensi yaiku:

1.     Fisiologis (kahanan awak, umur, lan liyane)

2.     Sosiologis (apa pakaryane, pendidikan, lan liyane)

3.     Psikologis (sikep/tumindak, watak, lan liyane)

Unsur Intrinsik Sandiwara

Perangan/unsur intrinsic sandiwara ana werna 6 yaiku:

1.     Tema yaiku underaning rembug kang dadi dhasaring lakon kang diarani ide sentral.

2.     Paraga (tokoh) yaiku pawongan kang kajibah mragakake lakon sandiwara.

Paraga kaperang dadi paraga utama/sentral, paraga tambahan, paraga protagonist, paraga antagonis, lan liyane.

3.     Watake paraga dibedakake ana paraga kang watake becik lan watake ala. Kualitas paraga, nalar lan jiwane kang bisa mbedakake paraga siji lan sijine.

4.     Setting utawa latar yaiku papan, wektu, lan kahanane crita kang kedadeyan.

5.     Alur utawa plot yaiku rerangkening kedadeyan kang dadi lakuning crita. Alur ana werna telu yaiku maju, mundur, utawa campuran.

6.     Amanat utawa pitutur luhur yaiku piwulang becik kanggo tuladha sing padha nonton utawa maca sandiwara kasebut.

Tuladhane :

1)    Yen kepingin uripe mulya kudu gelem rekasa lan prihatin olehe makarya

2)    Dadia wong kang jujur yen kepingin uripe makmur

3)    Aja seneng goroh mundhak uripe ketula-tula

 

 

 

 

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tembang Dhandhanggula kanggo SMP kelas IX

Crita Legenda

Amanate tembang Dhandhanggula