Amanate Crita Wayang, Anoman Duta
A. Amanat utawa pitutur luhur crita wayang Ramayana, Anoman Duta (Marsudi Basa, kaca 2), migunakake basa Ngoko lugu:
Amanate Crita Wayang, Anoman Duta
1.
Yen
entuk piweling saka garwa/ wong tuwa/sedulur becike digatekake, aja dilanggar.
2.
Nalika
ngadhepi perkara, bisa dilakoni kanthi golek sisik melik dhisik aja langsung
gawe keputusan sing ora wicaksana.
3.
Menawa
duwe pepinginan kang dhuwur kudu gelem ikhtiyar kanthi greged kang temenana.
4.
Aja
gampang kepencut karo barang sing gebyare apik amarga barang mau durung mesthi
mupangati.
5.
Dadia
wong kang kendel mbelani bebener lan seneng tetulung karo wong liya sing butuh
bantuan.
6.
Nalika
diparingi tugas becike ditandangi kanthi tanggungjawab, aja nyepelekake.
7.
Nalika
ngadhepi prakara kang gedhe/abot aja gampang nglokro, adhepana kanthi tatag lan
tanggon.
8.
Percayaa,
kabeh perkara mbuh gedhe/abot yen diadhepi kanthi sabar bakal ana rampunge.
9.
Nyontoa
watake Anoman sing kasatriya, tatag, tanggon, lan tanggungjawab marang apa sing
dadi tugase/jejibahane.
10.
Sapa
sing luput suwe-suwe bakal seleh/kalah.
11.
Nalika
tumindak ala/culika konangan becike ngakoni kaluputane, banjur njaluk ngapura.
Sukur gelem janji ora arep mbaleni maneh kaluputane mau.
12.
Aja
klalen tansah ndonga nyuwun keslametane marang Gusti Allah, supaya diparingi
gampang olehe ngadhepi prakara.
13.
Yen
kepeksa kudu menehi ukuman marang wong kang gawe kaluputan, iya sing samadya
wae, sing penting wis trep karo kaluputane.
14.
Aja
gampang pracaya karo wong sing durung patia dikenal. Dhewe kudu ngati-ati karo
bab-bab sing katone nyalawadi/mbebayani.
15.
Yen
ana barang sing ilang, kudu digoleki nganti ketemu. Apa maneh kuwi bojo/sedulur
sing ilang
kudu enggal digoleki nganti
ketemu.
B. Amanat
utawa pitutur luhur crita wayang Ramayana, Anoman Duta, migunakake basa Krama:
1.
Menawi
dipunweling kaliyan garwa/tiyang sepuh/sedherek prayoginiun dipungatosaken,
ampun dilanggar.
2.
Nalika
ngadhepi prekawis, saged dilampahi kanthi pados sisik melik rumiyin, ampun
gampil damel keputusan amargi ora bakal wicaksana.
3.
Menawi
gadha idham-idhaman ingkang inggil, kita kedah purun ikhtiyar kanthi greged lan
sengkut. Ampun ngantos gampil kepencut
kaliyan barang ingkang gebyare
sae amargi barang kasebat dereng mesthi mupangati.
4.
Dadosa
tiyang ingkang kendel mbelani bebener lan remen tetulung dhateng tiyang sanes
ingkang mbetahaken pitulungan.
5.
Nalika
dipunparingi tugas saenipun dipunlampahi kanthi tanggeljawab, ampun nyepelekaken.
6.
Nalika
ngadhepi prekawis ingkang ageng/awrat ampun gampil nglokro, dipunadhepi kanthi
tatag lan tanggon.
7.
Pitadosa,
sedaya prekawis menika temtu wonten rampungipun menawi dipunlampahi.
8.
Nuladhaa
watakipun Anoman ingkang kasatriya,
tatag, tanggon, lan tanggungjawab dhateng menapa kemawon ingkang dados
kwajibanipun.
9.
Sinten
ingkang lepat dangu-dangu badhe ketingal, sinten ingkang luput pungkasane bakal
seleh/kalah.
10.
Nalika
tumindak awon/culika konangan saenipun ngakoni kaluputanipun, lajeng nyuwun
ngapura. Sukur purun janji boten badhe
nglampahi malih.
11.
Ampun
kesupen anggenipun ndedonga nyuwun keslametan, supados dipunparingi gampil anggenipun
ngadhepi prekawis.
12.
Menawi
kepeksa kedah maringi ukuman, dipunpilih ingkang trep kalih kaluputanipun.
13.
Ampun
gampil pitados kalih tiyang ingkang dereng patiya tepang.
14.
Kita
kedah ngatos-ngatos kalih bab-bab ingkang ketingalipun yalawadi/mbebayani.
15.
Menawi
kagungan barang ingkang ical, kedahipun dipunpadosi ngantos kepanggih.
Komentar
Posting Komentar