Crita Wayang migunakake basa Ngoko Alus lan Krama Alus : Anoman Duta

Crita Wayang migunakake basa Ngoko Alus

 Anoman Duta

Wayang Anoman Duta

Anoman rewanda seta minangka dutaning Prabu Rama kang diutus supaya golek sisik melik ana ngendi papane Dewi Sinta sawise didhusta dening Rahwana. Miturut pawarta saka Jathayu, Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana lan digawa menyang nagara Alengka. Anoman iku sawijining rewanda kang wulune sarwa pethak, putra saka Dewi Anjani lan Dewa Bayu, mula dheweke sekti mandraguna.

            Anggone njujug menyang Alengka, Anoman mabur ing gegana lan bisa nyabrang samudra. Sawise tekan negara Alengka, Anoman banjur tumuju ing Taman Asoka. Ing sajroning taman, Dewi Sinta katon nandhang sungkawa, amarga tansah kelingan marang sang garwa yaiku Prabu Rama. Anoman banjur manggihi Dewi Sinta lan kandha menawa dheweke dhutaning Prabu Rama. Anoman banjur ngaturake kalpika sotya ludira.

            Dewi Sinta bungah banget lan maringake susuk kondhene marang Anoman minangka pratandha menawa piyambake tansah ngantu-antu rawuhe sang garwa, yaiku Prabu Rama. Nalika lagi wawan pangandikan bab kahanane Prabu Rama, dumadakan konangan dening para prajurit Alengka. Anoman banjur kapikut dening Raden Indrajit (putrane Prabu Rahwana), banjur disowanake marang Prabu Rahwana.

            Anoman banjur kackrek lan dilarak ngadhep ing ngarsane nata Alengka. Anoman arep dipidana mati. Buntute arep dicelupake lenga liyun banjur diobong. Sinta krungu kabar mau banjur dedonga marang Dewa Latu supaya Anoman ora diobong. Buntute Anoman dadi obor mubyar-mubyar. Rewanda seta Anoman banjur mlumpat nyangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-abitke buntute. Ora suwe payone kraton kobong, banjur mremen tekan wewangunan liyane. Latu mulad-mulad ngentekake barang-barang liyane. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi segara geni. Dene Anoman waras-wiris seger meger-meger ora kobong, ndedel ing angkasa banjur ngleyang mudhun njegur pinggire samudra.

            Ramawijaya ngaturake panuwun marang Anoman awit saking pambiyantune. Sawise nagara Alengka dadi karang abang, nata Alengka iya Rahwana nglumpukake para pandhegane perang. Wose rembug arep mbelani rajane ngadhepi mungsuh. Nanging ana siji sing ora setuju, yaiku Gunawan  Wibisana adhine Rahwana. Gunawan Wibisana satriya kang luhur ing budi, piyambake ora nyetujoni anane perang. Perang mesthi gawe kurban, ngundang bebaya. Perang bisa ngrusak katentreman lan keslametane sesama. Apa maneh wis cetha yen kangmase dhewe wis nyolong Dewi Sinta. Rahwana iku dursila, angkara murka, ngrebut hake wong liya. Sinta kuwi hake Ramawijaya, mula kudu dibalekake marang Rama. Kuwi sajatine adil lan bener.

            Mireng pratelane Gunawan Wibisana, Rahwana nesu, nguman-uman adhine. Wibisana dianggep meri. Nanging Wibisana tetep ora nyetujoni tumindake kangmase. Wusana, negara Alengka ditinggal, banjur marani lan nyengkuyung Ramawijaya. Gunawan Wibisana mbelani sing adil, mbelani sing bener.

                                                                        (Kapethik saka maneka sumber kanthi owah-owahan)

Basa Ngoko Alus

Teks crita wayang kasebut migunakake basa Ngoko Alus,awit kabeh tembunge ngoko nanging wis kacampuran tembung krama inggil. Tembung krama inggil ora dingo awake dhewe nanging kanggo wong sing diajak omongan. Senajan basa ngoko alus luwih ngajeni tinimbang ngoko lugu nanging durung trep menawa digunakake kagem wong sepuh. Basa ngoko alus dianggep kurang alus, isih dianggep kasar/kurang ngurmati.

Titikane basa ngoko alus:

  1. Kabeh tembunge ngoko nanging wis kacampuran tembung krama alus.
  2. Digunakake dening wong kang umure luwih enom marang wong sepuh.
  3. Dinggo ngurmati wong sepuh nalika dicritakake kahanane marang wong liya
  4. Tembung kriyane krama, entuk panambang ngoko. Contone: kagungane, garwane, tidake,putrane, piyambake, diasta, diunjuk, didhahar, lly
  5. Tinimbang basa ngoko lugu, basa ngoko alus iki wis luwih ngajeni tumrape wong sepuh.

Pitakonan lan Wangsulan nganggo basa Ngoko Alus:

  • Sapa paraga Anoman kuwi?

Wangsulan: Anoman yaiku kethek putih kang sekti mandraguna putrane Dewi Anjani lan Dewa Bayu.

  • Anoman dadi dhutane Rama lan oleh jejibahan apa?

Wangsulan: Anoman kautus dening Raden Rama golek sisik melik kahanane Sinta ana Alengka.

  • Sawise didhusta dening Rahwana, Dewi Sinta banjur dipapanake ana ngendi?

Wangsulan: Dewi Sinta sawise didhusta Rahwana banjur dipapanake ana taman Asoka.

  • Apa sebabe Dewi Sinta tansah nandhang sungkawa (susah/sedhih)?

Wangsulan: Dewi Sinta tansah sedhih amarga tansah kelingan marang garwane yaiku Raden Rama.

  • Sapa kang kasil mikut Anoman nalika atur pangandikan karo Dewi Sinta?

Wangsulan: Sing mikut Anoman yaiku Raden Indrajit, putrane Prabu Rakwana.

 

Cita Wayang migunakake basa Krama Alus

Anoman Dhuta

Wayang Anoman Dhuta

Anoman rewanda seta minangka dutanipun Prabu Rama ingkang dipunutus supados pados sisik melik wonten pundi papanipun Dewi Sinta sasampunipun dipundhusta dening Rahwana. Miturut pawartos saking Jathayu, Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana lan dipunbekta dhateng nagari Alengka. Anoman punika satunggaling rewanda ingkang wulunipun sarwa pethak, putra saking Dewi Anjani kaliyan Dewa Bayu, mila piyambake sekti mandraguna.

            Anggonipun njujug dhateng Alengka, Anoman mabur wonten ing gegana kaliyan saged nyabrang samudra. Sasampunipun dugi nagari Alengka, Anoman lajeng tumuju ing Taman Asoka. Ing salebeting taman, Dewi Sinta ketingal nandhang sungkawa, amargi tansah kelingan dhateng sang garwa inggih punika Prabu Rama. Anoman lajeng manggihi Dewi Sinta lan ngendika menawi piyambake dhutanipun Prabu Rama. Anoman lajeng ngaturaken kalpika sotya ludira.

            Dewi Sinta bingah banget lan maringake susuk kondhene dhateng Anoman minangka pratandha menawi piyambake tansah ngantu-antu rawuhipun sang garwa, inggih punika Prabu Rama. Nalika saweg wawan pangandikan bab kawontenanipun Prabu Rama, dumadakan kadenangan dening para prajurit Alengka. Anoman lajeng kapikut dening Raden Indrajit (putranipun Prabu Rahwana), lajeng dipunsowanaken dhateng Prabu Rahwana.

            Anoman lajeng kacekrek lan dipunlarak ngadhep ing ngarsanipun nata Alengka. Anoman badhe dipunpidana pejah. Buntute badhe dipuncelupaken lisah patra lajeng kabesmi. Sinta mireng pawarta kala wau lajeng dedonga dhateng Dewa Latu supados Anoman boten dibesmi. Buntutipun Anoman dados obor mubyar-mubyar. Rewanda seta Anoman lajeng mlumpat nyangkrik wonten ing sanginggilipun payon, kalih ngobat-abitken buntutipun. Boten dangu payonipun kraton kobong, lajeng mremen dumugi wewangunan sanesipun. Latu mulad-mulad nelasaken barang-barang sanesipun. Kraton Alengka dados karang abrit, dados seganten latu. Dene Anoman waras-wiris seger meger-meger boten kabesmi, ndedel ing angkasa lajeng ngleyang mandhap njegur sapinggiripun samudra.

            Ramawijaya ngaturaken panuwun dhateng Anoman awit saking pambiyantunipun. Sasampunipun nagara Alengka dadod karang latu, nata Alengka inggih Rahwana nglempakaken para pandheganing perang. Wosipun rembug badhe mbelani rajanipun ngadhepi mungsuh. Nanging wonten salah satunggaling ingkang boten serujuk, inggih punika Gunawan  Wibisana rayinipun Rahwana. Gunawan Wibisana satriya ingkang luhur ing budi, piyambakipun  boten nyarujuki wontenipun perang. Perang temtu damel kurban, ngundang bebaya. Perang saged ngrisak katentreman lan kewilujenganipun sesami. Punapa malih sampun cetha menawi kangmasipun peyambak sampun dhusta Dewi Sinta. Rahwana punika watakipun dursila, angkara murka, ngrebat hakipun tiyang sanes. Sinta punika hakipun Ramawijaya, mila kedah dipunwangsulaken dhateng Rama. Punika sajatosipun adil kaliyan leres.

            Mireng pratelanipun Gunawan Wibisana, Rahwana duka, nguman-uman rayinipun. Wibisana dipunanggep meri. Nanging Wibisana tetep boten nyarujuki tumindakipun kangmasipun. Wusana, negari Alengka dipuntinggal, lajeng murugi lan nyengkuyung Ramawijaya. Gunawan Wibisana mbelani ingkang adil, mbelani ingkang leres.

                                                                        (Kapethik sakig maneka sumber kanthi ewah-ewahan)

Basa Krama Alus:

Teks Cita Wayang kasebat migunakaken basa krama alus awit sedaya tembungipun mawi basa krama lan taksih kacampuran tembung krama inggil tumrap ingkang dipunajak gineman. Basa krama alus menika wonten ing tataranipun utawi undha-usukipun basa, urutan paling inggil. Basa ingkang langkung ngajeni mliginipun dhateng tiyang sepuh.

Titikanipun basa krama alus antawisipun :

  1. Tembung-tembungipun migunakaken basa krama alus
  2. Kacampuran tembung krama inggil tumrap tiyang sanes ingkang dipunurmati amargi langkung sepuh/kagungan drajad ingkang inggil.
  3. Migunakaken panambang krama, kados ta (dipun, ipun, nipun, lan sanes-sanesipun.

 

Pitakonan lan Wangsulan nganggo basa Krama Alus:

  • Anoman kapatrapan paukuman punapa saking Prabu Rahwana?

Wangsulan: Anoman pikantuk paukuman badhe kapidana pejah.

  • Punapa ingkang dipunaturaken Anoman dhumateng Dewi Sinta?

Wangsulan: Anoman matur menawi piyambake dados dhutanipun Prabu Rama.

  • Kados pundi pungkasanipun cariyos lakon, “Anoman Dhuta”, punika”

Wangsulan: Pungkasanipun cariyos, Anoman saged ucul saking paukumanipun Prabu Rahwana lajeng damel kraton Alengka dados karang abrit. Anoman waras slamet anggenipun mitulungi Sinta.

  • Sinten paraga Gunawan Wibisana punika?

Wangsulan: Gunawan Wibisana inggih punika rayinipun Prabu Rahwana ingkang tindak tandukipun sae, satriya luhuring budi, kendel mbelani ingkang adil lan leres.

  • Pitutur luhur/amanat punapa ingkang saged kapethik saking cariyos wayang, “Anoman Dhuta”?

Wangsulan:

a.    Boten pareng tumindak culika, ngrebat barang ingkang sanes hakipun, punapa malih punika garwanipun tiyang sanes.

b.   Menawi kaparingan tugas/tanggungjawab punika enggal dipunlampahi, sinaosa awrat anggenipun nglampahi.

c.    Sinaosa ngalami kedadosan ingkang damel sisah nanging tetep saged njagi badan  lan tansah ndedonga supados dipunparingi kiyat lan enggal luwar saking bebaya.

d.   Becike kita kendel tumindak ingkang leres kangge mbiyantu tiyang sanes ingkang saweg nandhang sisah/ ngadhepi prekawis.

e.    Tansah ndedonga marang Pengeran nalika ngadhepi prekawis ageng/alit.

f.    Sageda males kabecikan dhateng tiyang ingkang sampun paring piyulungan dhateng kita. Ampun kesupen ngaturaken agunging panuwun.

g.   Sinaosa kaliyan sedherek/kanca menawi superep tumindakipun boten leres, kedah kita emutaken supados boten kebablasen tumindak ala.

h.   Prayoginipun kita saged mbedakaken antawis tumindak awon lan tumindak sae, adil lan sawenang-wenang, boten pareng namung ela-elu kemawon.

Tanggapan/Komentar saben paragraf:

1.      Anoman rewanda seta minangka dutaning Prabu Rama kang dikongkon supaya golek sisik melik ana ngendi papane Dewi Sinta sawise diculik dening Rahwana. Miturut kabar saka Jathayu, Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana lan digawa menyang nagara Alengka. Anoman iku sawijining rewanda kang wulune sarwa pethak, anak saka Dewi Anjani lan Dewa Bayu, mula dheweke sekti mandraguna.

Tanggapan: Kula sarujuk sanget kaliyan Raden Rama ingkang sampun milih Anoman minangka dhuta, kangge madosi papan dunungipun Dewi Sinta, jalaran Anoman menika sekti mandraguna, saged mrantasi damel caos pitulungan.

 

2.      Anggone njujug menyang Alengka, Anoman mabur ing gegana lan bisa nyabrang samudra. Sawise tekan negara Alengka, Anoman banjur tumuju ing Taman Asoka. Ing sajroning taman, Dewi Sinta katon nandhang sedhih, amarga tansah kelingan marang sang garwa yaiku Prabu Rama. Anoman banjur nemoni Dewi Sinta lan kandha menawa dheweke dhutaning Prabu Rama. Anoman banjur menehake kalpika sotya ludira.

Tanggapan: Kula sarujuk dhateng Anoman ingkang lajeng njujug dhateng taman, papanipun Dewi Sinta, lan ngaturaken kalpika sotya ludira saderengipun kadenangan Indrajit.

 

3.      Dewi Sinta bungah banget lan menehake susuk kondhene marang Anoman minangka pratandha menawa dheweke tansah ngenteni tekane bojone, yaiku Prabu Rama. Nalika lagi wawan pangandikan bab kahanane Prabu Rama, dumadakan konangan dening para prajurit Alengka. Anoman banjur kapikut dening Raden Indrajit (putrane Prabu Rahwana), banjur diserahke marang Prabu Rahwana.

 

Tanggapan: Kula Sarujuk kaliyan Dewi Sinta, nalika wonten tiyang ingkang badhe paring pitulungan ngetingalaken anggenipun bingah, lan enggal paring tandha bilih kawontenanipun aman lan sae dados boten damel sisah/kuwatos tiyang ingkang madosi.

 

4.      Anoman banjur kacekrek lan dilarak ngadhep ing ngarsane nata Alengka. Anoman arep dipidana mati. Buntute arep dicelupake lenga liyun banjur diobong. Sinta krungu kabar mau banjur dedonga marang Dewa Latu supaya Anoman ora diobong. Buntute Anoman dadi obor mubyar-mubyar. Rewanda seta Anoman banjur mlumpat nyangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-abitke buntute. Ora suwe payone kraton kobong, banjur mremen tekan wewangunan liyane. Latu mulad-mulad ngentekake barang-barang liyane. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi segara geni. Dene Anoman waras-wiris seger meger-meger ora kobong, ndedel ing angkasa banjur ngleyang mudhun njegur pinggire samudra.

 

Tanggapan:

a.      Kula sarujuk kaliyan Anoman, nalika badhe kapatrapan ukuman tetep ikhtiyar kangge nglawan mengsah ngantos kasil lolos saking bebaya.

b.     Kula sarujuk kaliyan Dewi Sinta ingkang ndongakaken Anoman supados diobong dening Rahwana.

5.      Ramawijaya ngucapake panuwun marang Anoman awit saking pambiyantune. Sawise nagara Alengka dadi karang abang, nata Alengka iya Rahwana nglumpukake para pandhegane perang. Wose rembug arep mbelani rajane ngadhepi mungsuh. Nanging ana siji sing ora setuju, yaiku Gunawan  Wibisana adhine Rahwana. Gunawan Wibisana satriya kang luhur ing budi, dheweke ora nyetujoni anane perang. Perang mesthi gawe kurban, ngundang bebaya. Perang bisa ngrusak katentreman lan keslametane sesama. Apa maneh wis cetha yen kangmase dhewe wis nyolong Dewi Sinta. Rahwana iku dursila, angkara murka, ngrebut hake wong liya. Sinta kuwi hake Ramawijaya, mula kudu dibalekake marang Rama. Kuwi sajatine adil lan bener.

 

Tanggapan: Kula sarujuk kaliyan Rama ingkang ngaturaken panuwun dhateng Anoman ingkang sampun mitulungi Sinta.

 

6.      Krungu pratelane Gunawan Wibisana, Rahwana nesu, nguman-uman adhine. Wibisana dianggep meri. Nanging Wibisana tetep ora nyetujoni tumindake kangmase. Wusana, negara Alengka ditinggal, banjur marani lan nyengkuyung Ramawijaya. Gunawan Wibisana mbelani sing adil, mbelani sing bener.

 

Tanggapan:

a.      Kula boten sarujuk kalih Rahwana ingkang gampil duka, saenipun menawi dipunengetaken sedherek purun mirengaken kaliyan tumindak dhateng kasaenan.

b.     Kula sarujuk kalih Wibisana ingkang ngadhahi watak utama, wanton nebihi tumindak awon sinaosa kedah benten pamanggih kalih sedherekipun.

Dudutan nganggo basa Krama Alus

Anoman Dhuta

Anoman ingkang wujudipun kethek nanging bebudenipun luhur, nggadhahi jiwa ksatria, wantun mbelani bebener saged dados patuladhan para mudha ing jaman samangke. Piyambake purun ngurbanaken jiwa raganipun kangge numpes kadurakan. Nalika Dewi Sinta dipundhusta rahwana/Dasamuka, Anoman boten wigah-wigih anggenipun mitulungi ngantos kasil mbekta Sinta, lajeng kaaturaken Raden Rama. Anoman ugi kasil mbesmi Kraton Alengka Diraja.

 

 

 

 

 

 

Komentar

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Alhamdulillah, blog memetribasajawa wis bisa kanggo sinau siswa SMP, mligine kelas IX. Muga-muga olehmu sinau dadi tambah gampang lan lancar, tur ora kangelan maneh. Ayo sing wis padha maca materi ana blog, menehi tanggapan kanthi basa kang apik, ya! Nuwun

    BalasHapus
  3. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  4. Sakura Yelise Meara (IX E/28). Blog memetribasajawa iki komplit, tumata, lan olehe maringi penjelasan gampang dipahami.

    BalasHapus
  5. Najwa Dyah Ravella (IX E-20)
    blog memetribasajawa iki tumata, komplit isine, maringi kawigatosan ingkang sae, kawigatosan ingkang komplit, basa ingkang sae lan gampil dipahami.

    BalasHapus
  6. Syafira Auliya Azzahra /IX-E 32
    blog memeteri basa jawa iki nggampangake kanggo sinau, basane kang gampang dingarteni, lan isine pepak banget

    BalasHapus
  7. Annisa Naila Rizqia / 03
    Materi ingkang diparingi gampilkaken kagem sinau, sampun kumplit lan gampil dipahami

    BalasHapus
  8. Putri Shaina Z (IX E) 24
    Materi gampang dimengerti,basane gampang dipahami,lan komplit

    BalasHapus
  9. Naura Salsabila Firdaus
    (IX E/ 22)
    Materi crita Anoman Dhuta ing blog iki dijlentrehake kanthi rinci, jelas, lan gampil dipahami, saengga mupangati lan mbiyantu banget anggene nyinau bab crita Anoman Dhuta. Matur nuwun Bu Eko

    BalasHapus
  10. Balqis Khairunnisa ( IXE/05 )
    Materi wonten blog niki gampil dipunmangertosi amargi dipunjelasken sampun cetha.

    BalasHapus
  11. Idnadha Ghofiya ( IXE/15 )
    Materi wonten blog niku sampun lengkap, saged kagem belajar, gampil dipunmangertosi amargi dipunjelasaken kanthi cetha.

    BalasHapus
  12. Dzakiyah Rafifah Artanti (IXC/11)
    Materi blog crita Anoman Dhuta ingkang nyriyosaken kaliyan jangkep saking awal dumugi akhir ngagem basa krama alus lan ngoko alus angsal dipunpahami ingkang sae.Wontenipun materi blog puniki kula angsal mangertosi kagem sinau saha ngertos titik pesen utawi tanggepan saking saben crita anoman dhuta.

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tembang Dhandhanggula kanggo SMP kelas IX

Amanate tembang Dhandhanggula