Latihan Soal bab Wayang, “Anoman Duta”
Latihan Soal bab Wayang, “Anoman Duta”
I.
(Pilihan Ganda Kompleks)
Pilihen jawaban loro
sing kokanggep bener!
1. Anoman
rewandaseta minangka dhutaning Prabu Rama kang diutus supaya golek sisik melik
ana ngendi papane Dewi Sinta sawise didhusta dening Rahwana. Miturut pawarta
saka Jathayu, Sinta digawa menyang negara Alengka.
Tembung kang nduweni
teges kethek putih lan wakil/utusan yaiku tembung …
A. rewandaseta
B. sisik
melik
C. dhuta
D. didhusta
2. Anggone
njujug menyang Alengka, Anoman mabur ing gegana lan bisa nyabrang samudra.
Sawise tekan negara Alengka, Anoman banjur tumuju ing Taman Asoka. Ing
sajroning taman, Dewi Sinta katon nandhang sungkawa, amarga tansah kelingan
marang sang garwa yaiku Prabu Rama.
Kepriye gambarane papan
lan swasana crita kasebut?
A. Papane
ana Taman Asoka
B. Wayahe
awan
C. Kahanane
Sinta sedhih, amarga kelingan garwane terus
D. Rekasa
olehe menyang Alengka
3. Dewi
Sinta bungah banget lan maringake susuk kondhene marang Anoman minangka
pratandha menawa piyambake tansah ngantu-antu rawuhe sang garwa, yaiku Prabu
Rama. Nalika lagi wawan pangandikan bab kahanane Prabu Rama, dumadakan konangan
dening para prajurit Alengka. Anoman banjur kapikut dening Raden Indrajit.
Paraga kang sinebut ana
ing pethikan crita wayang ing dhuwur yaiku …
A. Dewi
Sinta lan Prabu Rama
B. Anoman
lan Raden Indrajit
C. Raden
Lesmana
D. Prabu
Rahwana
4. Gunawan
Wibisana satriya kang luhur ing budi, piyambake ora nyetujoni anane perang.
Perang mesthi gawe kurban, ngundang bebaya. Perang bisa ngrusak katentreman lan
keslametane sesama. Apa maneh wis cetha yen kangmase dhewe wis nyolong Dewi
Sinta. Rahwana iku dursila, angkara murka, ngrebut hake wong liya. Sinta kuwi
hake Ramawijaya, mula kudu dibalekake marang Rama. Kuwi sajatine adil lan
bener.
Kenang apa, Gunawan
Wibisana ora setuju yen Prabu Rahwana arep perang?
A. Perang
bisa ngrusak katentreman lan keslametan sesama
B. Wedi
yen kalah mungsuh Anoman
C. Rahwana
sing luput ngrebut hake wong liya
D. Sinta
kudu dibalekake marang Rama
5. Mireng
pratelane Gunawan Wibisana, Rahwana nesu, nguman-uman adhine. Wibisana dianggep
meri. Nanging Wibisana tetep ora nyetujoni tumindake kangmase. Wusana, negara
Alengka ditinggal, banjur marani lan nyengkuyung Ramawijaya. Gunawan Wibisana
mbelani sing adil, mbelani sing bener.
Kepriye watake Gunawan
Wibisana miturut andharan ing paragraf kasebut?
A. Manut
karo kamase sing dur angkara
B. Kendel
mbelani bebener lan adil marang sapa wae
C. Nyengkuyung
Rahwana amarga dheweke pernah enom
D. Ora
nyetujoni tumindake kangmase (Rahwana)
II.
(Pilihan Ganda)
Pilihen salah sijine
wangsulan, sing muturut panemumu paling bener!
1. Anoman
rewandaseta minangka dhutaning Prabu Rama kang diutus supaya golek sisik melik
ana ngendi papane Dewi Sinta sawise didhusta dening Rahwana.
Miturut unggah-ungguhe,
ukara kasebut migunakake basa …
A. Ngoko
lugu
B. Ngoko
alus
C. Krama
lugu
D. Krama
alus
2. Anoman,
putra saka Dewi Anjani lan Dewa Bayu iku kethek kang wulune sarwa putih, mula
diarani …
A. Rewandaseta
B. Sekti
mandraguna
C. Dhutane
Rama
D. Satria
tama
3. Ukara
ing ngisor iki, endi kang migunakake basa krama alus?
A. Dewi
Sinta bungah banget lan maringake susuk kondhene marang Anoman
B. Anoman
lajeng kakecrek saha kalarak ngadhep ing ngarsanipun nata Alengka.
C. Anoman
banjur kapikut dening Indrajit
D. Mireng
pratelane Gunawan Wibisana, Rahwana nesu banget
4. Anggone
njujug menyang Alengka, Anoman mabur ing gegana lan bisa nyabrang samudra.
Ukara kasebut meh padha
tegese karo pratelan ing ngisor iki.
A. Montor
mabur iku mlakune liwat angkasa dene prau ana ing segara
B. Pesawat
iku nalika mabur bisa nglangkahi arga.
C. Ing
gisik akeh gesik sing resik lan endah disawang.
D. Wong
plesiran iku bisa ing ngendi wae, ana desa, kutha, utawa manca negara.
5. “Sinta
kuwi hake Ramawijaya, mula kudu dibalekake marang Rama. Kuwi sajatine adil lan
bener”, ature Gunawan Wibisana. Mireng pratelane Gunawan Wibisana, Rahwana
nesu, nguman-uman adhine. Wibisana dianggep meri. Nanging Wibisana tetep ora
nyetujoni tumindake kangmase.
Paraga kang watake
becik, lan paring pepeling marang kangmase sing luput, iku asmane …
A. Ramawijaya
B. Dewi
Sinta
C. Gunawan
Wibisana
D. Rahwana
6. Pitutur
luhur ing ngisor iki sing kurang trep miturut isine crita wayang, “Anoman
Dhuta”, yaiku …
A. Dadia
wong kang wani mbelani bebener lan tumindak adil karo sapa wae.
B. Aja
umuk yen wis sugih
C. Aja
pamer karo wong sing mlarat
D. Sing
rukun karo sedulure senajan watake dak siya
7. Kenang
apa Gunawan Wibisana malah mbelani Raden Rama sing dadi mungsuhe kangmase?
A. Jalaran
ora rukun karo kangmase, Prabu Rahwana
B. Amarga
meri karo Rahwana sing duwe kuwasa minangka raja ing Alengka.
C. Awit
Raden Rama iku mungsuhe kangmase sing wis dicilakani.
D. Awit
Gunawan Wibisana iku bebudene luhur, ngerti sing bener lan adil
8. Kitab
Kriskendhakandha nyritakake patemone Sang Rama karo raja kapi/kethek Sugriwa.
Rama ngrewangi Sugriwa ngrebut kraton saka Subali, kangmase. Ing paprangan,
Subali tiwas. Sugriwa dadi raja ing Kiskendha. Sabanjure Sang Rama lan Sugriwa
sekuton lan bebarengan kanggo nggebug kraton Alengka.
Sapa sing dimaksud
rajane kapi/kethek?
A. Sugriwa
B. Subali
C. Rahwana
D. Sang
Rama
9. Setting/latar
pethikan crita wayang Sugriwa Subali mau, ing ngendi lan kepriye?
A. Ing
wana, gawe kisruh
B. Ing
kraton Alengka, kahanane kisruh
C. Ana
alas gedhe, padha gelut
D. Jaman
biyen ing sawijining kraton.
10. Rewanda seta Anoman banjur
mlumpat nyangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-abitke buntute. Ora suwe
payone kraton kobong, banjur mremen tekan wewangunan liyane. Latu mulad-mulad
ngentekake barang-barang liyane. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi segara
geni.
Polahe
Anoman kang kaya mangkono iku, nuduhake yen dheweke watake …
A. Kemendel
B. Kuwanen
C. Kendel lan sekti
D.
Umuk
amarga duwe kekuwatan.
Komentar
Posting Komentar