Crita Rakyat Legendha
Crita Rakyat Legendha
Dening Eko Hastuti
Crita Rakyat utawa
dongeng iku minangka salah sijine wujud kasusastran Jawa kang sumebar kanthi
lisan. Jinise ana 5 yaiku fabel, legenda, mite/mitos, sage, lan farabel. Ing
kelas 8 semester 1, wulangan basa Jawa ngrembug bab legenda. Yaiku dongeng kang
nyritakake asal-usule/dumadine salah sijine papan/panggonan. Dongeng iku ngemot
bab piwulang becik kanggo ndhapuk kapribadhen luhur. Mula siswa kudu padha
sengkut lan gumregut anggone nyinau. Supaya siswa padha nuladha watak utama
saka para paraga ing sajroning crita, kayata nduweni tepa slira, lembah manah,
grapyak gelem sapa aruh karo sapa wae, duwe kawicaksanan urip, lan
sapanunggalane. Dongeng iku kalebu kabudayan kang ngrembaka ing madyaning
bebrayan agung, senajan asipat fiksi nanging dipercaya anane.
Crita Rakyat utawa
dongeng kuwi sumbere ora cetha amarga mung asipat lisan. Olehe ngrembaka kanthi
gethok tular wiwit jamane leluhur biyen. Mula bener lan lupute ora perlu dadi
geseh rembug, malah ndadekake anane variasi menawa dongeng mau isih sumebar ing
madyane bebrayan agung. Ing tlatah Jawa Tengah, akeh banget dongeng sing
sumebar ing meh saindhenging papan. Iku bisa dadi kasugihane budaya utawa aset
tumraping khazanah budaya ing laladan Jawa Tengah. Mula wigati dene dongeng
kudu tetep dijaga, diuri-uri supaya lestari tekan tembe mburi. Umume dongeng
banjur digathuk-gathukake karo adat, budaya, agama, sejarah, lan kapitayan kang
ana ing masarakat sakiwa tengene.
Dongeng iku ora
dimangerteni sapa sing nganggit mula banjur asipat anonim. Sumber iya ora
cetha, dene bisa langgeng nganti seprene amarga dipercaya ngemot pitutur becik
kanggo urip bebrayan ing madyaning masarakat. Dongeng saka tembung adoh lan
ngaeng utawa aeng. Meh saben papan utawa panggonan duwe crita ngenani
asal-usule utawa dumadine papan kasebut, yaiku sing arane legenda. Senajan
kadhang kala critane kaanggep mokal, ngayawara, lan ora klebu ing nalar,
nanging tetep migunani kanggo ndhapuk watak kang utama. Sabanjure watak utama
mau bisa dadi nilai-nilai luhur kang bisa dituladha dening para siswa lan sapa
wae sing maca/ngrungokake dongeng kasebut. Dene watake paraga kanga la bisa
dadi pepiling amrih ora padha nduweni watak kang kaya mangkono. Supaya uripe
mulya lan ora ketula-tula.
Supaya para siswa
bisa mangerteni legenda, kudu gelem nyemak/maca teks legenda kang dadi materi
wulangan. Siswa uga cumawis buku kanggo nulis bab sing wigati, nyathet
tembung-tembung angel, mangerteni tegese tembung angel mau, lan paham
pokok-pokok isine, sarta bisa njupuk amanate. Tuladha legendha ing antarane,
“Dumadine Kutha Wonosobo”, “Kawah Si Kidang ing Dieng”, “Dumadine Bledug Kuwu”,
“Asal-Usule Rawa Pening”, “Dumadine Kutha Salatiga”, lan liya-liyane.
Perangane dongeng legendha umume dumadi saka:
1.
Tema
(undherane gagasan sing dadi punjere crita)
2.
Paraga
lan watake (paraga lan watake sing ana sing sajroning dongeng kang bisa
nggambarake watak wantune manungsa)
3.
Alur/plot
(dalane crita kang kaperang ana alur maju, mundur, lan campuran)
4.
Latar/setting
(papan, wektu, lan swasanane crita)
5.
Sudut
pandang (carane panulis/pengarang nggambarake lakune crita, minangka wong
kapisan, kapindho, apa katelu). Cethane, ing crita kasebut panulis minangka
paraga utama, paraga kapindho utawa mung nyritakake wae, kabeh paragane wong
liya.
6.
Amanat
(pitutur luhur kang kinandhut ing sajroning crita, bisa kanggo tuladha/pepilih
amrih wong urip iku tumindake becik lan ninggal watak kang ala.
Tuladha irah-irahan utawa judul legendha ing laladan Jawa Tengah:
1.
Asal-Usule
Desa Nglimut Kendal
2.
Kutha
Tegal
3.
Dumadine
Kutha Magelang
4.
Dumadine
Candhi Rara Jonggrang
5.
Tlaga
Menjer
6.
Asal-Usule
Kutha Semarang
7.
Rawa
Pening
8.
Asal-Usule
Kutha Demak
9.
Asal-Usule
Kutha Wonosobo
10.
Mula
Bukane Tlaga Warna
Piwulang kang kerep kinandhut ing dongeng legendha, ing antarane amrih siswa nduweni watak kang:
1.
Lembah
manah utawa andhap asor, ora gumedhe/umuk/adigang adigung adiguna
2.
Tepa
slira marang sapa wae, tansah ngajeni, grapyak semanak, lan duweni rasa rumaket
3.
Gemi
setiti lan ngati-ati ing mangsa kapan wae, lan ing ngendi wae
4.
Aja
seneng goroh, dadia wong kang jujur utawa seneng apus-apus
5.
Ngajeni
marang wong sepuh mligine marang wong tuwa, guru, sedulur tuwa, lan sapa wae
sing pantes diurmati.
6.
Rukun
marang sedulur, tangga, kanca, aja seneng gawe cecongkrahan marahi ora tentrem
uripe.
7.
Aja
gampang daksiya nalika nduweni kaluwihan drajat/pangkat/bandha/rupa, amarga
kabeh kuwi mung titipan kang kagungan Gusti Allah.
8.
Ing
kahanan apa wae, dadi wong kang nduweni rasa syukur marang nikmat lan berkahe
Gusti Kang Maha Agung.
9.
Dadia
wong kang tansah gumregut ngadhepi prakara apa wae, aja gampang nglokro.
10.
Senenga
tetulung marang sapa wae, aja nganti pilih sih, awit drajade manungsa iku
sejatine padha ing ngarepe Gusti Kang Maha Mirah.
Para siswa, ayo padha gumregut
lan sengkut anggone nyinau basa Jawa mligine dongeng legendha. Supaya bisa
methik watake paraga dadi patulandhan anggone mangun watak kang utama.
Judul-judul legendha akeh sumebar ing buku-buku crita rakyat, buku paket
pembelajaran, ing media cetak (kalawarti), utawa media online. Carane methik
pituture kanthi maca teks, mangerteni isine, pokok-pokok isi, lan amanate yang
katulis kanthi gegla utawa sinandi.
Komentar
Posting Komentar