Mula Bukane Umbul Suradilaga
Mula Bukane Umbul Suradilaga
Dening Eko Hastuti
1.
(Ringkesan nganggo Basa Ngoko Lugu)
Sawise Pangeran Diponegoro kasil dipaeka lan dipikut
Walanda, akeh prajurite kang nerusake perjuangane kanthi sesindheman. Pangeran
Puger lan prajurite tekan ereng-erenge Gunung Sindoro kanggo nyusun siasat.
Wayah dhuhur rombongan kepingin leren arep sembahyang ning ora ana banyu.
Pangeran Puger ngongkon Ki Jaga Sura supaya golek banyu karo menehi tongkat.
Pesene, yen ora nemokake banyu, supaya tongkat mau ditancepake ana lemah.
Nganti manjing Ashar Ki Jaga Sura ora nemokake banyu, mula tongkat banjur
ditancepake kanthi ndedonga marang Gusti Kang Maha Agung. Ki Jaga Sura iku
prajurit kang jujur, setya, lan sekti mandraguna.Panjaluke dikabulake, ing
papan mau nyembur banyune kang bening. Pangeran Puger saandhahane banjur padha
wudhu lan sembahyang. Banyu Tlaga saya gedhe dadi tlaga minangka sumber
panguripan. Saben arep mangkat perang gerilya, prajurit padha ngombe lan raup
ana tlaga mau, gregede dadi makantar-kantar, ora grigig. Dening Pangeran Puger,
tuk/umbul mau dijeneng Umbul Suradilaga. Sura dijupuk saka jeneng Ki Jaka Sura,
sing nemokake tuk, nalika tanggal 1 Sura. Dilaga tegese peperangan. Tlaga kang
ditemokake nalika perang kang gawe prajurit dadi wani lan greged maju perang. Nganti saiki saben malem 1 Sura, Umbul
Suradilaga rame ditekani wong-wong kang percaya bakal nampa berkahe Gusti, yen
adus ana ing kono.
2.
(Ringkesan nganggo Basa Ngoko Alus)
Sawise Pangeran Diponegoro kasil dipaeka lan dipikut
Walanda, akeh pandhereke kang
nerusake perjuangane kanthi sesindheman. Pangeran Puger lan prajurite tekan
ereng-erenge Gunung Sindoro kanggo nyusun siasat. Wayah dhuhur rombongan
kepingin leren arep sembahyang ning ora ana banyu. Pangeran Puger utusan Ki Jaga Sura supaya golek banyu
karo maringi tongkat. Pesene, yen
ora nemokake banyu, supaya tongkat mau ditancepake ana lemah. Nganti manjing
Ashar Ki Jaga Sura ora nemokake banyu, mula tongkat banjur ditancepake kanthi
ndedonga marang Gusti Kang Maha Agung. Ki Jaga Sura iku prajurit kang jujur,
setya, lan sekti mandraguna. Panyuwune
dikabulake, ing papan mau nyembur banyune kang bening. Pangeran Puger
saandhahane banjur padha wudhu lan sembahyang. Banyu Tlaga saya gedhe dadi
tlaga minangka sumber panguripan. Saben arep mangkat perang gerilya, prajurit
padha ngombe lan raup ana tlaga mau, gregede dadi makantar-kantar, ora grigig.
Dening Pangeran Puger, tuk/umbul mau diparingi
jeneng Umbul Suradilaga. Sura dijupuk saka jeneng Ki Jaka Sura, sing nemokake
tuk, nalika tanggal 1 Sura. Dilaga tegese peperangan. Tlaga kang ditemokake
nalika perang kang gawe prajurit dadi wani lan greged olehe maju perang. Nganti saiki saben malem 1 Sura, Umbul
Suradilaga rame ditekani wong-wong kang percaya bakal nampa berkahe Gusti, yen
adus ana papan kono.
3.
(Ringkesan nganggo Basa Krama Alus)
Sasampunipun Pangeran Diponegoro kasil dipunpaeka
lan dipunpikut dening Walanda, kathah pandherekipun ingkang nerusaken
perjuanganipun kanthi sesindheman. Pangeran Puger kaliyan prajuritipun dumugi
ereng-erengipun Redi Sindoro kangge nyusun siasat. Wayah dhuhur rombongan
kepingin sumene kangge sembahyang nanging boten wonten toya. Pangeran Puger lajeng
utusan dhateng Ki Jaga Sura pados toya
kaliyan maringi tongkat. Piwelingipun,
menawi boten manggihi toya, supados tongkat kala wau dipuntancepaken wonten
siti. Ngantos mlebet wayah Ashar Ki Jaga
Sura boten manggihi toya mila tongkat lajeng dipuntancepaken kanthi ndedonga
dhumateng Gusti Kang Maha Agung. Ki Jaga Sura punika prajurit ingkang jujur,
setya, kaliyan sekti mandraguna. Panyuwunipun dipunkabulaken, wonten ing
panggenan kala wau nyembur toya ingkang bening. Pangeran Puger kaliyan
pandherekipun lajeng sami wudhu kaliyan
sembahyang. Toyanipun tlaga sangsaya ageng dados tlaga minangka sumberipun
gesang. Saben badhe bidhal perang gerilya, prajurit sami ngunjuk kaliyan suryan
wonten tlaga kasebat. Gregedipun dados makantar-kantar, boten grigig. Tuk/umbul
kala wau kaliyan Pangeran Puger dipunparingi
tenger Umbul Suradilaga. Sura dipundhut
saking asmanipun Ki Jaka Sura, ingkang manggihake umbul, nalika tanggal 1 Sura.
Dilaga tegesipun paprangan. Tlaga ingkang dipunpanggihi nalika perang ingkang
damel prajurit dados wantun lan greged anggenipun majeng perang. Ngantos sapunika saben malem 1 Sura, Umbul
Suradilaga rame dipunpurugi tiyang ingkang pitados badhe nampi berkahipun Gusti,
menawi siram wonten mriku.
Pitutur Luhur Legendha, “Umbul Sura Dilaga”:
Paragraf
1 :
1. Aja
gampang percaya karo omongane mungsuh, supaya ora kena apus/dipaeka.
2. Berjuang
kuwi abot, ning aja wedi kangelan sadurunge nggayuh apa sing diperjuangake.
3. Nalika
nglakoni prihatin, berjuang, tansah ndedonga nyuwun diparingi gampang lan
kasil.
4. Menawa
dipercaya lan diparingi tanggungjawab dilakoni kanthi temenanan.
Paragraf
2 :
1. Dadia
wong kang jujur, aja seneng goroh amarga kuwi nglanggar wewalere agama.
2. Dadi
prajurit/andhahan iku kudu setya marang pimpinan angger dhawuh bab kabecikan.
3. Nalika
ngadhepi prakara, aja klalen oleh ndonga nyuwun marang Gusti Kang Maha Agung,
supaya enggal luwar saka prakara kasebut.
4. Menawa
diparingi weling becike dilakoni kanthi bener.
5. Nalika
perjuangane wis kasil aja klalen olehe ngucap syukur marang Pangeran.
Paragrat
3 :
1. Nalika
kaparingan rezeki kang akeh kudu dijaga lan disyukuri, dirawat kanthi tanggung jawab.
2. Tuk/Umbul
iku sumber panguripan, kudu dijaga lingkungane supaya ora rusak/mati.
3. Dadi
prajurit becike kendel lan greged nalika maju perang amarga iku dalane nggayuh
kamardikan.
4. Bocah
sekolah kudu greged olehe sinau supaya lulus kanthi biji kang apik lan bebudene
utama.
Paragraf
4 :
1. Menehi
jeneng papan kanthi milih asmane wong sing berjasa/nduweni perjuangan ing
tlatah kasebut iku becik, kanggo ngurmati lelabuhane.
2. Dhewe
becike ngurmati wong kang duwe kapitayan ing sawijining bab, aja malah
ngece/ngganggu angger kapitayan mau ora ngrugekake liyan.
Gladhen
:
Owahana
ringkesan mau nganggo basamu dhewe, upamane nganggo dhialek Wonosobo!
Komentar
Posting Komentar