Pathokane Tembang Dhandhanggula
Pathokane Tembang Dhandhanggula
Dening Eko Hastuti
Pathokane Tembang Dhandhanggula
Tembang
Dhandhanggula iku kalebu salah sijine tembang Macapat utawa tembang Cilik, kang
kaemot ing Serat Wulangreh anggitane Susuhunan Paku Buwana IV. Tembang
Dhandhanggula kasebut sapupuh dumadi saka 8 pada. Isine tembang Dhandhanggula
yaiku piwulang utawa pitutur becik kang bisa diconto/dituladha, isi paugeran
kanggo wong urip, ngemot pitutur kanggo nduweni watak utama, sarta isi piwulang
supaya wong golek ngelmu kang bener lan manut aturane agama.
Mula
saka kuwi, senajan tembang iku basane endah, lungid, ngandhut nilai sastra sing
kudu dionceki/dianalisis dhisik, nanging para siswa becike tetep grengseng
anggone ngudi ngelmu. Jalaran sinau tembang iku duweni paedah kang akeh. Kejaba
bisa nambah kawruh, methik amanate, uga bisa nggladhi kapribadhen luhur.
Kaajab, sawise wulangan para siswa dadi nduweni budi pekerti kang becik, kebak
ing tata krama, awatak andhap asor, lan bebudene utama. Sisan gawe melu
nguri-uri lestarine basa lan sastra Jawa sing kumadhange wiwit kabur kanginan.
Dene
cak-cakane nyinau babagan tembang kang bener yaiku:
1. Maca
teks tembang kanthi permati, karo njingglengi pilihane tembung.
2. Ndhaftar
tembung angel kang durung dimangerteni tegese/karepe.Titikane tembung angel,
nalika kok waca bola-bali ora mudheng karepe.
3. Negesi
tembung angel kasebut nganggo referensi utawa yuwun priksa wong sepuh/bapak
ibu/simbah/pakdhe, budhe, lan sapanunggalane. Bisa uga kanthi mbukak kamus yen
duwe/lelayaran ana internet.
4. Nyebutake
isine tembang Dhandhanggula kanthi ringkes lan cetha.
5. Nyebutake
pokok-pokok isi, kanthi ganep lan cetha.
6. Menawa
isih kangelan, gawenen gancaran nganggo basamu dhewe/ basa padinan.
7. Presentasi
asiling diskusi wiwit saka pathokane tembang Dhandhanggula, tembung angel,
tegese tembung angel, isi, lan amanate.
Tembang
iku nduweni paugeran tartamtu, kaya dene cacahe larik, cacahe wanda, unine
vocal ing saben pungkasane baris, kabeh wis ditemtokake manut jinise tembang
dhewe-dhewe. Kaandharake kaya ing ngisor iki. Nanging sadurunge, becik
mangerteni istilah sing dianggo ana ing bab tembang.
Istilah
sing dianggo ing tembang antarane :
1. Wanda
: suku kata
2. Gatra
: larik/baris
3. Pada : bait
4. Pupuh : kumpulane tembang sing sajenis
5. Titi
laras : notasi/ketepatan nada
6. Cakepan
: syair/lirike tembang
7. Gancaran : tembang kang wujude wis diowahi saka pada dadi paragraf
Mula banjur ana sing ngarani, “paraphrase”
Dadi
yen ditakoni apa pathokake tembang Macapat/Cilik iku, bisa nerangake mangkene:
1. Guru
gatra : cacahing gatra/larik saben
sapada
(jumlah baris setiap bait)
2. Guru
wilangan : cacahing wanda saben salarik/sagatra
(Jumlah suku kata setiap baris/larik)
3. Guru
lagu
/dhong
dhing : tibaning swara ing pungkasane gatra/larik.
(Bunyi vokal setiap akhir baris)
Kanthi
mangkono banjur padha paham apa kang dimaksud guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagu. Ayo, saiki bocah-bocah padha nggoleki pathokane tembang
Dhandhanggula ing ngisor iki!
Tembang Dhandhanggula pada 1
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
ning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira
WANGSULAN :
Pathokane Tembang Dhandhanggula pada 4:
Guru
gatra : 10 gatra/larik
Guru
wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 7, 6, 12, 7
Guru
lagu/dhong dhing : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
Paugeran/pathokan
tembang Dhandhanggula pada 4 mau, bisa disebut kanthi cara nggandheng guru
wilangan lan guru lagune. Tuladha : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 7u, 6a, 12i, 7a
(Kanggo gladhen, ayo golekana pathokane tembang
Dhandhanggula pada-pada liyane, yaiku
pada 1, 2, 3, 5, 6, 7, 8!)
Komentar
Posting Komentar