Teks Legenda: Dumadine Tlaga Merdada
Dumadine Tlaga Merdada
Resi
Gotama sawijinng resi kang sekti mandraguna mapan ing pertapan Grastina.
Piyambake kagungan putra kembar Guwarsa Guwarsi lan putri kang ayu sulitya aran
Dewi Anjani. Katelu putra putrine mau tansah guyup rukun. Guwarsa lan Guwarsi
eman banget marang adhine. Ing sawijing dina Guwarsa lan Guwarsi mbebedhag ing
alas lan kasil nyekel kidang. Dadi bungahing wong loro amarga bisa nyekel kewan
kang dadi kasenengane Dewi Anjani.
“Elok
tenan kidang iki mesthi diajeng Anjani seneng.” Kandhane Guwarsi karo ngelus-elus
kidang sing wis kasil dicekel.
“Cetha
ta, Dimas. Ayo enggal digawa mulih mengko selak kesoren!”. Pangajak Guwarsa
marang Guwarsi amarga wis ora sranta kepengin menehake kidang marang Dewi
Anjani.
Ananging
dadi gelaning ati amarga tekan pertapan Dewi Anjani sajak ora ngrewes marang
kidang kang digawa kakange. Dewi Anjani malah lunga menyang kamar.
“Dimas,
kenangapa kok Dewi Anjani sajak ora seneng digawakake kidang?”
“Iya,
ya ana apa ya? Padatan menawa dhewe nggawa kidang dheweke mesthi bungah. Malah
menawa dhewe ora nggawa apa-apa dheweke mesthi nakokake.”
Guwarsa
lan Guwarsi bingung mangerteni solah bawane Dewi Anjani sing ora kaya
pakulinane. Kakange loro banjur golek sisik melik kenangapa Dewi Anjani sing
biasane seneng dolanan karo kidang malah luwih seneng ning kamar.
Nalika
kakange loro ngintip meruhi Dewi Anjani lagi dolanan cupu, saka cupu ngetokake
cahya kang sumunar.
“Wahhh,
apik tenan dolanan Dewi Anjani.” Guneme Guwarsa sajak kasengsem.
“Ayo
kangmas nyilih dolanan Dewi Anjani!” pangajakke Guwarsa
Kakange
loro banjur kepengin nyilih cupu kasebut. Malah menawa bisa kepengin nduweni
sawise mangertine menawa iku Cupu Manik Astagina. Tutup cupu menawa dibuka ngisore bakal katon
kahanan alam donya saisine lan dibuka sisih ndhuwur katon kahanan kayangan.
“Diajeng
aku kuwi sedulur tuwa, ayo ndang wenehna aku cupu iku!” Panjaluke Guwarsa
kanthi sora amarga Dewi Anjani nggegegi Cupu Astagina.
“Wenehna
aku wae, mengko kowe bisa nyilih sawayah-wayah!” pangglembuke Guwarsi
“Ora
arep dakwenehna sapa-sapa, iki cupu duweku. Ora arep daksilihke uga.” kandhane
Dewi Anjani karo ngumpetake cupu.
Wong
telu kang biasana guyup rukun dadi regejegan rebutan cupu. Sang rama Resi
Gotama kaget meruhi putra putrine padha padudon. Sang rama banjur mundhut pirsa
apa kang dadekna wong telu mau padha rebutan.
“Iki
padha ngapa kok padha padudon?” Pitakone Sang Resi marang putra putrine.
“Diajeng
Anjani Rama, gadhah dolanan boten pareng dipunampil.” Sumaure Guwarsi
“Cupu
niki gadhahan kula badhe dipunrebat kangmas Guwarsa Guwarsi, Rama.” Dewi Anjani
sajak ora trima.
“Ya,
menawa kangmase nyilih kuwi mbok ya disilihi.” Ngendikane Resi Gotawa sajak sareh.
“Aaah,
nggih boten. Mangke boten diwangsulke. Malah mangke saged risak menawi
dipunampil.” Dewi Anjani suwala terus.
“Sejatine
apa ta, sing arep disuwun kangmasmu?”
Dewi
Anjani banjur meneng, dheweke ora wani matur menawa kuwi cupu manik Astagina. Resi
Gotama ndhedhes terus lan malah kepara arep duka Dewi Anjani banjur blaka lan
ngaturake cupu. Sang Resi kaged sawise nampa cupu saka Dewi Anjani. Piyambake
mangerteni menawa sing kagungan cupu manik Astagina kuwi mung para dewa. Jalma
lumrah kuwi ora bisa nduweni. Resi Gotama banjur nakoni saka ngendi cupu kuwi.
Dewi Anjani blaka menawa Cupu Manik Astagina kuwi diparingi karo ibune yaiku
Dewi Windradi.
Resi
Gotama nimbali dan nakoni sang garwa nanging Dewi Windradi meneng wae. Sanajan
didhedhes supaya gelem blaka, Dewi Windradi tetep mendel. Amarga Dewi Windradi
wis diwelingi marang dewa kang maringi supaya nyimpen wadi saka ngendi asale
cupu. Sang Resi banjur jengkel lan duka banjur Dewi Windradi disupatani dadi
tugu watu. Cupu Manik Astagina banjur diuntalake ing awang-awang. Cupu sisih
ndhuwur ngisor tiba ing bumi dadi Tlaga Merdada lan sisih ndhuwur ngisor tiba
ing bumi dadi Tlaga Merdada lan sisih ndhuwur tiba dadi Tlaga Dringo.
Sang Resi banjur gawe sayembara,
sapa sing bisa nemokake iku sing nduweni. Guwarsa, Guwarsi lan Dewi Anjani
banjur enggal nggoleki tibaning cupu.
Sawetara nggoleki katelune nemokake Tlaga kang banyune bening lan saka dhasare
tlaga katon mencorong. Dinuga cupu manik ana ing dhasare tlaga. Guwarsa lan
Guwarsi banjur njegur. Nanging ing dhasare tlaga dheweke ora memokake cupu
banjur mentas. Guwarsa karo Guwarsi kaget nalika mentas wis salin rupa, dadi
kethek awake ana wulune. Dewi Anjani sing ora wani njegur lan lungguh ing
pinggir tlaga mung rupane kang ana wulune . Amarga dheweke raup banyu tlaga.
Wong telu padha getun banjur tetangisan ngadhep Resi Gotama nyuwun ngapura.
Tembung angel lan tegese:
1. Sekti
mandra guna : sekti banget
2. Padhepokan
: pondhok
3. Mbebedhag
: luru kewan ning alas
4. Ora
sranta : ora sabar
5. Ora
ngrewes : ora nggatekake
6. Sora
: seru
7. Sareh
: sabar
8. Regejegan
: rebutan
9. Kendel
: meneng
10. Disepatani
: disumpah, diukum
11. Wadi
: barang sing rahasia
12. Blaka
: jujur
13. Raup
: ngumbah rai nganggo banyu
14. Mencorong
: cumlorot cahyane
15. Salin
rupa : malih
16. Dinuga
: diduga, dikira
17. Getun
: gela
Unsur
Intrinsik Legendha :
1. Tema
: Crita Rakyat Legenda
2. Judhul
: Dumadine Tlaga Merdada
3. Paraga
: Guwarsa, Guwarsi, Dewi Anjani, Resi Gotawa, Dewi Windradi,
4. Watake
Paraga :
Guwarsa
: eman marang adhi, ora sabaran, kepinginan, ora rukun karo sedulur
Guwarsi
: eman karo adhine, kepinginan, ora rukun karo sedulur
Dewi
Anjani : ora ngrewes/ora nggape mase, pelit
Resi
Gotawa : sareh, wicaksana
Dewi
Windradi :bisa nyimpen wadi
5. Setting/Latar
:
Wektu : wayah awan, jaman semono
Papan : Pertapan Grasina, Tlaga Merdada
Swasana
: wiwitane padha guyup rukun, banjur padha rebutan/ regejegan, mrihatinake
6. Alur/Plot
: maju amarga critane urut saka wiwitan tekan pungkasan
7. Sudut
Pandang : Wong katelu,jalaran kabeh paragane wong liya, pengarang mung
nritakake wae.
8. Pitutur
Luhur/Amanat :
a. Isine
crita bisa kanggo pepiling menawa karo sedulur kuwi sing rukun
b. Yen
duwe barang apik, sedulurmu kepingin nyilih ya disilihi
c. Upama
disilihi barang kudu tanggungjawab, aja nganti rusak.
d. Yen
nyilih barang oleh ya aja meksa.
e. Yen
entuk piweling sing wadi, becike dijaga/disimpen.
f. Nalika
ngadhepi masalah becike dirampungi kanthi sabar lan wicaksana.
g. Aja
gampang kepinginan karo barang sing katone apik, jalaran durung mesthi
mupangati.
h. Aja
grusa-grusu nalika tumindak apa wae mundhak nemu cilaka.
i. Anak
becike manut karo pituture wong tuwa aja nggugu karepe dhewe.
j. Menawa
angel dikandhani banjur nemu sengsara, aja nyalahake wong liya
k. Nalika
nglakoni salah/luput, enggal njaluk pangapura.
Pangetrepe pituture legendha ing sajroning kelas kanggo nuwuhake sikap Disiplin Positif, kayata:
1. Gawe kesepakatan kelas, upamane :
a. Siswa
kudu gelem piket esuk sepisan saminggune, manut jadwal sing wis disepakati.
b. Nalika
nyilih barange kancane kudu nembung lan enggal dibalekake, karo ngomong matur
nuwun.
c. Yen
dingendikani bapak ibu guru kudu manut, aja wani semaur sing kurang ngajeni.
d. Mlebu
kelas sadurunge jam pitu, aja nganti telad.
e. Rukun
karo kanca, aja congkrah.
f. Menawa
ngglanggar aturan, kudu bisa nampa nalika dingendikani. Siyaga nampa
tanggungjawab.
g. Siswa
kudu ngurmati bapak ibu guru lan karyawan sekolah.
h. Tumindak
apa wae becike sing ngati-ati aja sembrono
mundhak nemu cilaka.
i. Njaga
karesikane kelas iku tanggungjawab kabeh siswa.
j. Kulinakna
seneng sinau klompokan supaya sinaumu dadi luwih gampang.
2. Mangerteni wosing materi legendha kanthi mangsuli pitakonan:
a. Apa ta kang diarani legendha iku?
b. Sebutna titikane/cirine sawijining legendha?
c. Paedah apa wae sing kokrasakake sawise nyinau bab legenda?
a. Legendha yaiku crita kang nyritakake dumadine papan/ panggonan
BalasHapusb. Titikane legendha yaiku :
1. Anonim
2. Kalebu karya kolektif
3. Statis
4. Imajiner
5. Ngemut tuladha
c. Paedahe yaiku :
1. Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem
2. Didaktif yaiku bisa kanggo ndhidik siswa dadi bener
3. Estetis yaiku ngemot nilai-nilai kaendahan
4. Moralitas yaiku ngandhut nilai moral
5. Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha
Rabo,23 juli 2025
BalasHapus1.Legenda iku crita rakyat kang dianggep nyata utawa tau kedadean ing jaman biyen, sanajan isih ngandhut unsur-unsur gaib utawa supranatural. Crita legenda iki diwarisake turun-temurun, lumrahe kanthi lisan, lan kerep nyritakake asal-usul sawijining panggonan, barang, utawa kedadean.
2.Iki titikan utawa ciri-ciri legenda sing luwih ringkes:
* Dianggep tau kedadean: Masyarakat ngandel yen crita kuwi nyata.
* Nyambung karo sajarah: Ana kaitane karo tokoh utawa prastawa jaman biyen.
* Ngandhut keajaiban: Ana bab-bab gaib utawa ora lumrah.
* Asal-usul panggonan/jeneng: Akeh sing nyritakake wiwitane sawijining panggonan utawa jeneng.
* Anonim: Ora ana sing ngerti sapa pengarang asline.
3.Nyinau legenda akeh banget paedahé:
* Nguri-uri budaya lan sajarah, njaga crita-crita kuna ora cures.
* Pangerten babagan nilai lan moral, amarga legenda ngandhut piwulang luhur.
* Ngembangake imajinasi lan kreativitas, liwat crita fantasi sing endah.
* Nguatake rasa nasionalisme lan identitas diri, ngulinakake kita karo asal-usul budaya.
* Sarana hiburan lan edukasi, sinau babagan panggonan lan adat kanthi cara sing nyenengake.
Rabu, 23,juli, 2025
BalasHapusa. Apa ta kang diarani legenda iku?
Legenda yaiku crita rakyat kang nyritakake asal-usul sawijining papan, kedadean utawa tokoh, sing biasane direka-reka nanging katon kaya nyata.
b. Sebutna titikane/cirine sawijining legenda?
Titikane legenda yaiku:
-Ana gegayutan karo panggonan utawa tokoh
-Critane turun-temurun
-Campuran fakta lan rekaan
-Ngandhut pitutur luhur
c. Paedah apa wae sing kokrasakake sawise nyinau bab legenda?
Paedah sing dirasakake:
-Nambah pangerten sejarah budaya
-Sinau nilai-nilai moral lan sosial
-Ngraketake rasa tresna tanah air
-Bisa dadi tuntunan urip saben dina
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusa. Legendha yaiku crita rakyat kang dipercaya bener-bener kedadean lan ana sesambungane karo sejarah, tokoh, utawa panggonan, nanging uga ngemot unsur gaib utawa khayal.
BalasHapusb. - Critane turun temurun
- Anonim
- Ngandung nilai nilai luhur
- Unsur Keajaiban
- Di anggep tau kejadian
c. 1. Nambah tresna marang budaya Jawa
2. Nambah kosakata basa Jawa.
3. Sinau nilai-nilai urip sing apik.
4. Nglatih maca lan mangerteni teks Jawa.
5. Bisa nyritakake crita maneh nganggo basa dewe.
A. Legendha yaiku crita rakyat kang dianggep nyata utawa tau kedadean ing jaman biyen
BalasHapusB. Titikane legendha yaiku:
1.Anonim
2.Kolektif
3.Statis
4.Imajiner
5.Ngemu tuladha
C. Paedah e yaiku:
1.Nyakup pangerten babagan sejarah, budaya, lan nilai moral
2.Legenda uga mbantu nguatake identitas budaya lan nasional lan nyedhiyakake sumber daya hiburan lan pendidikan
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusMuhammad Fa'iq Rachmad/26/VIIIH
BalasHapusA. apa ta kang diarani legenda iku?
Legenda iku crita rakyat kang asale saka jaman biyen lan ana gandheng jenenge Karo asal usule sawijining panggonan Utawa kedadeyan,nanging ora bisa dibuktekake kebenarane kanthi ilmiah
B. Sebutna titikane/cirine sawijining legenda?
- Asring ngandhut unsur gaib Utawa
- Cariyos menika adhedhasar folklor ingkang di puwarisaken kanthi turun menurun
C. Paedah apa wae sing kok rasakake sawise nyinau bab legenda?
- Sinau nilai moral lan karakter
- bisa nglestarikan budaya bangsa
- tambah wawasan babagan budaya lan sejarah lokal
1. Legenda yaiku dongeng kang nyritakake dumadine sawijining papan utawa panggonan.
BalasHapus2. a. Anonim, ora dimangerteni sapa sejatine sing nganggit.
b. Kalebu karya kolektif, dianggep duweke wong akeh, diduweni bareng-bareng
c. Statis, critane ajeg, ora ana owah-owahan saka jaman biyen tekan saiki.
d. Imajiner, nggambarake kedadeyan kang mokal (ora klebu ing nalar) anane.
e. Ngemu tuladha, nyritakake bab alan lan becik supaya padha dimangerteni. Sing apik diconto, sing ala dadi pepiling aja ditiru.
3. Sinau bab legenda nduweni paedah penting, kaya nambah pangerten budaya lokal, nguri-uri kabudayan leluhur, lan ngandhut piwulang urip.
1. Legenda yaiku dongeng kang nyritakake dumadine sawijining papan utawa panggonan. Legenda kalebu crita fiksi jalaran critane direka-reka anane, utawa ngayawara.
BalasHapus2. a. Anonim, ora dimangerteni sapa sejatine sing nganggit.
b.Kalebu karya kolektif, dianggep duweke wong akeh, diduweni bareng-bareng.
c. Statis, critane ajeg, ora ana owah-owahan saka jaman biyen tekan saiki.
d. Imajiner, nggambarake kedadeyan kang mokal (ora klebu ing nalar) anane.
3.Sasampunipun sinau babagan legendha, kula krasa langkung mangertos kabudayan lokal, langkung ngurmati warisan budaya saking para leluhur, saha saged nyinaoni piwulang-piwulang gesang ingkang kapendhet saking crita punika.
a.
BalasHapusLegenda yaiku crita rakyat kuna sing nyeritakake prastawa ing jaman biyen, campuran nyata lan fantasi, diwarisake turun-temurun.
b.
Cirine legenda:
-Crita turun-temurun
-Ana tokoh/panggonan khusus
-Campuran fakta lan fantasi
-Ana piwulang luhur
c.
Paedah sinau legenda:
-Nambah ilmu budaya
-Sinau nilai becik (rukun, sabar, tanggung jawab)
-Nambah rasa tresna budaya
-Luwih ngati-ati lan ngajeni wong tuwa
a. apa ta kang diarani legendha iku?
BalasHapus-- legendha iku crita kang nyritakake bab dumadine sawijining papan utawa panggonan.
b. sebutna titikane/cirine sawijining legendha!
-- critane turun temurun
-- sifate anonim
-- kolektif
-- statis
-- imajiner
-- ngemot tuladha
c. paedah apa wae sing kokrasakake sawise nyinau bab legendha?
-- paedah sinau legendha akeh manfaate, contone:
1. Luwih kenal lan tresna marang budaya Jawa.
2. Nambah wawasan.
3. Menehi piwulang bab urip.
A. Legenda yaiku crita dumadine papan/panggonan
BalasHapusB. 1.Critane turun temurun
2.Isine tentang papan/panggonan
3.Anonim
C. paedah nyinau legenda yaiku bisa nambahi wewenang, maringi bekal sing apik
A.Legendha yaiku crita kang sumebar kanthi lisan asibat rela daya.
BalasHapusB.Titikhane legendha yaiku:
2.Anonim
3.Kolektif
4.Imajiner
C.Paedah nyinau legendha yaiku bisa nambah ilmu lan ngerteni sejarah lan budaya.
a. Legenda yaiku dongeng kang nyritakake dumadine sawijining papan utawa panggonan.
BalasHapusb. - Anonim
- Kalebu karya kolektif
- Statis, critane ajeg, ora ana owah-owahan.
- Imajiner, nggambarake kedadeyan kang mokal (ora klebu ing nalar) anane.
- Ngemu tuladha, nyritakake bab alan lan becik supaya padha dimangerteni.
c. • Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga bisa kanggo hiburan.
• Didaktif yaiku bisa kanggo dhidhik siswa dadi bener lan becik
• Estetis yaiku ngemot nilai-nilai kaendahan
• Moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral saengga siswa dadi nduweni moral kang becik
• Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo sing padha maca.
a. Kang diarani Legendha:
BalasHapusLegendha iku salah siji crita rakyat kang nyritakake kedadeyan ing jaman biyen, lan biasane ana gandheng cenenge karo asal-usule sawijining panggonan, jeneng, utawa kedadean tartamtu.
b. Cirine sawijining legendha:
•Ana gandheng cenenge karo sejarah utawa asal-usul.
•Dadi warisan budaya masyarakat.
•Biasane dicritakake turun-temurun.
•Ana unsur keajaiban utawa unsur gaib.
•Tokoh-tokoh legendha bisa manungsa, kewan, utawa makhluk gaib.
c. Paedah sing dirasakake:
•Nambah wawasan babagan budaya lan sejarah lokal.
•Bisa njupuk piwulang utawa nilai moral saka critane.
a. Crita legenda yaiku nyritakake asal-usul sawijining panggonan, jeneng, utawa kedadean alam.
BalasHapusb. Titikane utawa ciri-ciri legendha yaiku:
Critane diwarisake sacara lisan saka generasi ke generasi.
Nyritakake kedadean jaman biyen sing dicampuri unsur gaib utawa keajaiban.
Ana tokoh utama kang kuat, gagah, utawa duwe kekuwatan istimewa.
Asring nyritakake asal-usul sawijining panggonan utawa jeneng.
Ana unsur pitutur utawa piwulang urip (ajaran moral).
c. Sawise nyinau bab legenda, aku krasa entuk paedah kaya ta:
Bisa ngerti sejarah lan asal-usul sawijining panggonan utawa budaya.
Bisa sinau nilai-nilai luhur lan ajaran moral saka tokoh-tokoh legenda.
Bisa nguri-uri lan nglestarekake budaya daerah.
Nambah rasa tresna marang kabudayan bangsa dhewe.
a.Apa iku legenda?
BalasHapusLegendha yaiku crita prosa rakyat kang diprecaya dening masyarakat kang nduweni crita iku kedadeyan sing bener-bener kedadeyan
b.Apa ciri-cirine legendha?
Ciri-ciri legenda yaiku:
Kadadeyan kasebut dianggep bener utawa dianggep bener dening masyarakat.
Sifate sekuler utawa kadonyan.
Iki disetel ing jaman kepungkur sing ora adoh banget.
Iki kedadeyan ing jagad sing kita kenal saiki.
Asring gegayutan karo asal-usul sawijining papan, prastawa sajarah, utawa fenomena supernatural.
c. Paedah kang bisa dirasakake sawise nyinaoni legendha yaiku:
Tambah kawruh babagan sejarah lokal lan asal-usul sawijining papan utawa prastawa.
Ngenali lan mangerteni nilai-nilai budaya lan kearifan lokal kang ana ing crita legenda.
Ngembangake imajinasi lan kreatifitas.
Nuwuhake rasa tresna lan bangga marang warisan budaya bangsa.
Sinau piwulang moral utawa piwulang urip saka crita.
A. cerita legendha yaiku crita kang nyritakake dumadine papan/ panggonan
BalasHapusB. titikane legendha yaiku :
-anonim
-kalebu karya kolektif
-statis
-imajiner
-ngemut tuladha
C. paedahe yaiku :
1. rekreatif
2. nambah ilmu budaya
a.) Legenda yaiku crita rakyat kang dipercaya bener-bener kedadean lan ana sesambungane karo sejarah, tokoh, utawa panggonan, nanging uga ngemot unsur gaib utawa khayal.
BalasHapusb.) Titikane sawijining legenda, yaiku:
1. Kahanan nyata:
Legenda biasane nyritakake kedadean sing katon nyata, sanajan kadhangkala ana unsur gaib utawa fantasi.
2. Asal-usul:
Akeh legenda nyritakake babagan asal-usul sawijining panggonan, jeneng, utawa fenomena alam.
3. Tokoh-tokoh:
Legenda asring nampilake tokoh-tokoh sing bisa wae manungsa biasa utawa makhluk gaib.
4. Kolektif:
Legenda biasane dianggep minangka crita rakyat sing diwarisake sacara turun temurun.
5. Fungsi sosial:
Legenda bisa nduweni fungsi kanggo ngajari nilai-nilai moral, njaga tradisi, utawa nguatake identitas budaya.
6. Campuran fakta lan mitos:
Legenda asring nggabungake unsur-unsur sejarah sing bener karo unsur-unsur mitos utawa fantasi.
c.) Paedahe yaiku bisa ngerti asal-usul e legendha budaya lokal, tokoh-tokoh, lan bisa nambah wawasan babagan budaya lan sejarah lokal
A.Legendha iku crita rakyat kuna sing dhasare saka kasunyatan,nanging wis dicampur karo unsur fiksi utawa karangan.biasane,legendha nyritakake asal usul sawijining papan,jeneng,lemah,gunung,kali,utawa budaya ing sawijining sejarah
BalasHapusB.1.Dhedhasar kasunyatan sejarah
2.nyritakake asal usul
3.dinaoni utawa diwarisake secara lisan
4.ana unsur kaelokan utawa keajaiban
5.tokohe manungsa,bisa uga tokoh gaib
6.ngandhut piwulang moral
C.Paedah sing bisa dirasakake antara liya, Sinau nilai nilai urip lan piwulang moral,nguri uri kabudayan daerah,ngembangake imajinasi lan kreativitas,lan liya liyane.
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusFATHIR AZZAMI FABIAN/17/VIII H
HapusA. Crita kang nyritakake dumadine papan utawa panggonan
B. 1. Anonim
2. Kalebu Karya Kolektif
3.Statis
4.Imajiner
5. Ngemot Tuladha
C. 1. Nguri-uri budaya lan sejarah,njaga crita kuna ora cures
2. Nambah lengerten sejarah budaya
3. Bisa Njupuk nilai moral lan dilakoke ing kehidupane dewe sehari-hari
A. Legenda iku salah siji jinis cerita rakyat sing nyritakake prastawa utawa tokoh ing jaman biyen sing dianggep nyata dening masyarakat legenda nyeritaake dumadi ne papan/ panggilan
BalasHapusB. Titikanne legendha yaiku
-anonim
-karya kolektif
-status
-imajiner
-ngemu tuladha
C. Pedahe yaiku bisa nguri nguri bahasa lan sastra jawa, lan bisa ngerti akeh tentang legendha lan sak piturute
A. Legendha yaiku crita kang nyritakake dumadine papan/ panggonan.
BalasHapusB. Titikane legendha yaiku :
1. Anonim : ora di mengerti sapa sing nganggit.
2. Kalebu karya kolektif :diduweni bareng-bareng.
3. Statis : cerita ajeg, ora di owahi.
4. Imajiner : kedadeyan kang mokal ( ora melbu akal ).
5. Ngemut tuladha : nyritakake bab ala lan becik.
C. Paedahe yaiku:
1. Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem.
2. Didaktif yaiku bisa kanggo ndhidik siswa dadi bener.
3. Estetis yaiku ngemot nilai-nilai kaendahan.
4. Moralitas yaiku ngandhut nilai moral.
5. Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha.
a. Apa ta kang diarani legendha iku?
BalasHapusLegendha iku crita rakyat kuna sing dipercaya bener-bener kelakon utawa ana ing masyarakat, sanajan ora ana bukti sejarah sing nyata. Biasane nyeritakake asal-usul sawijining panggonan, jeneng, utawa kedadeyan.
b. Sebutna titikane/cirine sawijining legendha!
Cirine sawijining legendha yaiku:
Ana ing masyarakat lan diwarisake sacara turun-temurun.
Nggandheng karo asal-usul sawijining panggonan utawa jeneng.
Campuran antara fakta lan fiksi, nanging dipercaya masyarakat bener-bener kelakon.
Ngandhut piwulang utawa nilai-nilai moral lan budaya.
Tokoh-tokoh legenda biasane tokoh masyarakat utawa makhluk gaib.
c. Paedah apa wae sing kokrasakake sawise nyinau bab legenda?
Sawise nyinau bab legenda, aku krasa:
Nambah wawasan babagan budaya lan sejarah lokal.
Ngerti nilai-nilai moral lan piwulang urip saka crita legenda.
Ngluhurake budaya bangsa lan ngajeni warisan leluhur.
Melatih imajinasi lan kreativitas saka crita-crita legenda sing unik.
a. Apa ta kang diarani legendha iku?
BalasHapusLegendha iku ya crita utawa cerita rakyat sing nyritakake asal-usul sawijining tempat, peristiwa, utawa tokoh. Legendha biasane ngandhut unsur-unsur kaya mitos, adat istiadat, lan nilai-nilai budaya masyarakat, lan asring dihiasi karo elemen fantasi utawa bab-bab sing ora nyata, nanging isih nyambung karo kanyatan.
b. Sebutna titikane/cirine sawijining legendha?
Titikane utawa cirine sawijining legendha bisa kalebu:
1.Asal-usul: Crita babagan asal-usul sawijining tempat, tokoh, utawa tradisi.
2.Pahlawan: Tokoh utama sing nduweni sifat-sifat positif lan ngadhepi tantangan.
3.Konflik: Rintangan utawa masalah sing kudu dipecahake dening tokoh utama.
4.Nilai Moral: Pengajaran utawa pelajaran sing bisa dijupuk saka crita.
5.Unsur Sihir: Kadang-kadang, legendha nyakup unsur supranatural utawa sihir.
c. Paedah apa wae sing kokrasakake sawise nyinau bab legenda?
Sawise nyinau bab legenda, sawetara paedah sing bisa dijupuk antarane:
1.Pangerten Budaya: Ngerti budaya lan tradisi saka sawijining daerah utawa masyarakat.
2.Pengajaran Moral: Njupuk pelajaran moral lan etika sing bisa diterapake ing urip saben dina.
3.Kreativitas: Ngarangsang kreatifitas lan imajinasi saka alur crita lan karakter.
4.Penghargaan Sejarah: Nambah penghargaan marang sejarah lan warisan budaya.
5.Identitas: Nguatake identitas saka asal-usul lan tradisi lokal
a. Legenda iku cerita rakyat sing ngandhut unsur sejarah lan mitos.lan sering dihiasi Karo elemen fantasi utawa bab sing ora nyata
BalasHapusb. Ciri-ciri legenda:
1. Tokoh pahlawan utawa mitos.
2. Kejadian gaib utawa magis.
3. Latar budaya utawa sejarah.
4. Pesan moral.
5. Asal-usul fenomena.
c. Paedah nyinau legenda:
1. Nambah ngerti sejarah lan budaya.
2. Belajar nilai moral.
3. Nggugah kreativitas.
4. Ngajeni warisan budaya.
5. nambah lengerten sejarah budaya
a. Apa ta kang diarani legenda iku?
BalasHapusLegenda yaiku crita kang nyritakake dumadine papan/panggonan.
b. Sebutna titikané/ciriné sawijining legenda!
Ciri-ciri legenda yaiku:
1. Anonim
2. Kalebu karya kolektif
3. Statis
4. Imajiner
5. Ngegambarke sebab-musababe anane papan/tempat
6. Mengandung nilai-nilai luhur/tuladha
c. Paedah apa wae sing kokrasakake sawise nyinauni bab legenda?
Paedah legenda yaiku:
1. Rekreatif – menehi rasa seneng/tentrem
2. Didaktik – bisa dijupuk piwulang (pendidikan)
3. Estetik – ngemot nilai-nilai kaendahan
4. Moralitas – ngandhut piwulang moral
5. Religius – ana ajaran agama kang bisa dijupuk tuladha
a. Legenda yaiku dongeng kang nyritakake dumadine sawijining papan utawa panggonan.
BalasHapusb.
1. Anonim
2. Kalebu karya kolektif
3. Statis
4. Imajiner
5. Ngemu tuladha
c.
1. Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga bisa kanggo hiburan.
2. Didaktif yaiku bisa kanggo dhidhik siswa dadi bener lan becik.
3. Estetis yaiku ngemot nilai-nilai kaendahan.
4. Moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral saengga siswa dadi nduweni moral kang becik.
5. Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo sing padha maca.
a. Legendha yaiku crita kang nyritakake dumadine papan/ panggonan
BalasHapusb. Titikane legendha yaiku :
1. Anonim
2. Kalebu karya kolektif
3. Statis
4. Imajiner
5. Ngemut tuladha
c. Paedahe yaiku :
1. Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem
2. Didaktif yaiku bisa kanggo ndhidik siswa dadi bener
3. Estetis yaiku ngemot nilai-nilai kaendahan
4. Moralitas yaiku ngandhut nilai moral
5. Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa dadj thudala