Perangane Allur/Setting : Legedha ing Wonosobo

 Legedha ing Wonosobo

(Perangane Allur/Setting)

Dening Eko Hastuti

 

Legendha ing Wonosobo

Meh saben wewengkon (wilayah) nduweni crita legendha dhewe-dhewe kalebu Kabupaten Wonosobo. Dongengan bab dumadine papan utawa panggonan sumebar ing madyane masyarakat sakiwa tengene papan kasebut. Kayata, legendha Tlaga Menjer, Mula Bukane Desa Lamuk, Mula Bukane Desa Pagerotan, Dumadine Kutha Wonosobo, Gunung Sumbing lan Gunung Sindoro, Asal-Usule Gunung Karang, Tlaga Warna, lan Legendha Tlaga Merdada, Asal-Usule Umbul Suradilaga, lan liya-liyane.

Tembung Legendha asale saka basa Latin, legere lan basa Inggris legend. Legendha tegese sawijining dongeng kang nyritakake dumadine papan kan wis dianggep kaya prastawa nyata. Jalaran wis dipercaya yen dongeng mau minangka kededayan sing temenanan (nyata). Kamangka ora kabeh legendha iku asipat fakta, ana sing mung asipat imajinatif. Mula legendha banjur duwe tenger/ciri: anonim, kolektif, imajiner, statis, ngemot piwulang kang bisa dadi patuladhan.

Kanthi mangkono, legendha nduweni mupangat kang gedhe tumprap siswa lan sapa wae kang gelem maca/ ngrungokake dongeng mau kanggo nggladhi kapribadhen luhur (Didaktif). Wong kang bebudene luhur umume uga nduweni moral/akhlak yang becik (Moralitas). Kanthi maca/ngungokake dongeng, wong kasebut bisa nuladha watak-wantune paraga kang apik, ora nglakoni watak kang ala. Legendha ana kang ngandhut piwulang agama kanggo paugeraning wong urip supaya tumindake bener (Religius). Kejaba ngemot pitutur luhur lan piwulang agama, legendha uga kalebu salah sijine karya sastra Jawa kang nduweni rasa seni/kaendahan. Senajan dongeng, nanging anggone ngandharake migunakake basa kang apik, endah (migunakake unen-unen kaya bebasan, paribasan, saloka, tembung garba, sanepa, lan liya-liyane). Mula dongeng legendha uga nduweni nilai (estetis), nilai kaendahan basa lan sastra. Legedha uga bisa dadi srana nglelipur ati. Awit critane narik kawigaten, lucu, aneh, utawa marakake ati krasa ayem, gawe seneng/bungah (Rekreatif).

Perangane Alur/Plot:

Ing antarane bab sing narik kawigaten nalika maca/ngrungokake dongeng legendha yaiku anane alur/plot sing apik, gawe penasaran sing padha maca. Alur iku dalane crita, utawa rerangkening kedadeyan kang mbangun crita dadi wutuh. Bisa alure maju/mundur/campuran. Gumantung olehe ngrakit kedadeyan mau urut apa ora. Upama urut, kawitan saka orientasi/perkenalan, kompilasi (paraga wiwit ngadhepi masalah), Klimaks, Anti Kimaks/Resolusi, Panutup/Penyelesaian, apa ora. Yen urutane urut kaya mau jenenge allur maju. Dene yen perangan/unsure urut nanging saka pungkasan nembe dicitakake perangan wiwitan, iku allure mundur (Kilas Balik/Flashback). Alur campuran,  menawa perangane alur/plot ora urut saka wiwitan tekan pungkasan utawa walikane (saka pungkasan nembe wiwitan). Critane bisa kawitan langsung saka klimaks, paraga lagi ngalami kahanan sing isih angel/durung ana dalan kanggo ngrampungake.

Istilah liya bab perangane alur/unsur alur, mangkene:

1.      Pambuka/Perkenalan/Orientasi : perangane crita kang nepungake paraga, lan nggambarake papan, wektu, sarta swasanane crita. (Perkenalan tokoh dan penggambaran setting)

2.      Perkenalan Masalah/kompilasi : Paraga wiwit ngadhepi masalah

3.      Klimaks/Puncak Ketegangan: Masalah sing diadhepi paraga lagi gawat, durung ana “jalan keluar

4.      Anti Klimaks : Masalah sing diadhepi paraga wiwit kendho jalaran wis ana dalan/cara kanggo ngatasi.

5.      Panutup/Penyelesaian : Masalah sing diadhepi paraga wis rampung, bisa happy end  (seneng) utawa sad end (sedhih/susah)

 

Tuladha Analisis Alur/Plot “Legendha Tlaga Merdada”

1.

Pambuka

Resi Gotama kang mapan ing Pertapan Grastina, kagungan putra kembar, Guwarsa lan Guwarsi, lan putri kang ayu jenenge Dewi Anjani. Katelu putrine mau padha guyup rukun lan eman marang sedulure.Ing sawijine dina, Guwarsa lan Guwarsi mbebedhag ing alas kanggo nyekel kidang kasenengane Dewi Anjani.

2.

Kompilasi

: Olehe nyekel kidang oleh gawe, nanging Dewi Anjani ora seneng, malah ora ngrewes nalika kidang mau diwenehake. Guwarsa lan Guwarsi gumun dene adhine ora kaya biasane, banjur golek sisik melik kanggo mangerteni apa sebabe. Bareng ngerti sebabe, jebul adhine lagi seneng dolanan cupu sing ngatonake cahya kang sumunar ana kamar, Guwarsa lan Guwarsi nembung nyilih ning ora oleh banjur padha rebutan.

3.

Klimaks

: Resi Gotama kaget pirsa putrane padha padudon rebutan cupu, banjur ndangu Dewi Anjani sapa sing maringi cupu kasebut, ning ora wangsulan.

Bareng didhedhes lagi ngaku yen sing maringi ibune, Dewi Windradi. Resi Gotama uga didhedhes saka ngendi cupu manik Astagina kasebut, nanging tetep ora ngaku. Resi Gotama jengkel lan duka banget marang garwane.

4.

Anti Klimaks

: Dewi Windradi disupata dadi watu.  Cupu diuncalake ing awang-awang Sang Resi gawe sayembara sapa sing bisa nemokake cupu. Putrane banjur nggoleki tibane cupu. Nalika iku katelune nemokake Tlaga Merdada kang banyune bening lan ana cahya mencorong saka dhasare Tlaga.

5.

Panutup/Penyelesaian

: Guwarsa Guwarsi njegur ing tlaga, nalika mentas salin rupa dadi kethek. Dewi Anjani rupane sing metu wulune jalaran raup banyu tlaga. Putra telu banjur padha tetangisan ing ngarepe ramane, rumangsa getun lan nyuwun ngapura.

 

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tembang Dhandhanggula kanggo SMP kelas IX

Amanate tembang Dhandhanggula

Crita Wayang migunakake basa Ngoko Alus lan Krama Alus : Anoman Duta