NULIS CAKEPAN TEMBANG DHANDHANGGULA
NULIS CAKEPAN TEMBANG DHANDHANGGULA
Dening Eko Hastuti
Nulis
Cakepan tembang iku kudu nggatekake jinise tembang, pathokake, topike, pilihane
tembung, lan pitutur sing arep diandharake ana sajroning tembang mau. Kalebu
watake tembang siji lan sijine uga beda.
Awit tembang Macapat iku jinise werna-werna lan nduweni paugeran dhewe-dhewe.
Tuladha
nalika arep nulis cakepan tembang Dhandhanggula, nggatekake :
1. Pathokake
tembang Dhandhanggula :
a. Guru
gatrane = 10 gatra
b. Guru
wilangan = 10, 10, 8. 7,
9, 7, 6, 8, 12, 7
c. Guru
lagu/dhong-dhing = i, a, e, u, i, a, u,
a, i, a
2. Kanggo
gladhen nulis syair/cakepane tembang Dhandhanggula, becike ana watesan undheran
gagasan sing arep dipilih. Upamane, topike bab kekancan, golek ngelmu, sekolah,
bekti karo wong tuwa, mituhu marang guru, bocah kang utama, dolan, rukun karo
sedulur, karesikan lingkungan, lan liya-liyane. Tembang Dhandhanggula iku
nduweni watak luwes, nyenengake, lan mathuk banget kanggo aweh pitutur, mula
arep menehi pitutur apa wae, bisa.
3. Pilihane
tembung kang ringkes lan mentes (cekak aos)
Jalaran
ing saben gatra/larikane tembang wis nduweni pathokan cacahe wanda dhewe-dhewe.
Yen bisa, kejaba milih tembung sing mentes uga endah,dadi ngandhut nilai
seni/estetika, kareben diwaca dadi luwih trep lan kepenak. Mula sadurunge nulis
cakepan tembang. Becike para siswa ngulinakake maca conto-conto teks tembang
Macapat supaya duwe referensi tembung kang akeh.
Tuladha
=
a. Ati
= manah = tyas = kalbu = penggalih = nala
b. Redi
= gunung = arga = wukir = giri = aldaka
c. Seneng = remen
= suka = bagya = sukengtyas
d. Golek
= luru = ngudi = ngupaya
= ikhtiyar = nggegulang
e. Ilmu = ngelmu
= kawruh = ngelmi = seserepan
f. Kaya
= kadya = lir = kadi
= kados = memba
4. Ngrakit
tembung ing sajroning larik/gatra kanthi migatekake guru wilangane ing saben
larik/baris kasebut.
Upamane
gatra 1 (10i) :
a. Tumrape
bocah ing jaman iki
b. Welingku
kanggo pra putra putri
c. Marang
wong tuwa sing padha bekti
d. Mring
wong tuwa anak aja wani
e. Dalane
wong kang ngupaya ngelmi
5. Diupaya
amrih anggone ngandharake sing urut, aja mbola-mbaleni utawa mlumpat-mlumpat
idene.
6. Kanggo
ngetrepake cacahing wanda karo guru lagune, bisa migunakake tembung garba kang
trep.
Upamane
:
a. Marang
= mring
b. Prapta
ing = prapteng
c. Sira
iku = sireku
d. Kaloka
ing = kalokeng
e. Suka
ing = sukeng
7. Yen
wis rampung, becike ditliti maneh supaya cacahe wanda ora kepunjulen utawa isih
kurang saka pathokane. Kalebu guru lagune wis trep apa durung, menawa durung
pas, enggal diowahi/diedit maneh.Yen kepunjulen dikurangi, dene isih kurang ya
ditambah. Pancen nulis cakepan tembang iku ora gampang ning ora ateges angel
dilakoni. Dhewe kudu tlaten lan sabar olehe ngothak-athik tembung.
Tuladha cakepan tembang Dhandhanggula
1. Topik
“Kekancan” :
padha
urip ing jaman saiki (10i)
nyata
ora gambang golek kanca (10a)
ana
sing nganggep sepele (8e)
ora
bisa digugu (7u)
polahe
ora mitayani (9i)
senenge
gawe mala (7a)
yen
ngomongan saru (6u)
aja
nganti ketularan (8a)
tumindak
kanca kang ora migunani (12i)
gawe
uripmu susah (7a)
Topik, “Golek Ngelmu”
pra
kanca enggal padha cecawis (10i)
golekana
ngelmu kang piguna (10a)
kanggo
sangumu ing tembe (8e)
ayo
enggal meguru (7u)
goleka
guru kang sejati (9i)
bebudene
utama (7a)
becik
basanipun (6u)
prigel
samubarang karya (8a)
nenuntun
kabeh tumindak kang utami (12i)
bakal
dadi wong mulya (7a)
Topik, “Karesikan Lingkungan” :
lingkungan
resik iku wigati (10i)
ora
dadi susure lelara (10a)
aja
dha nganti diare (8e)
awak
lungkrah lesu (7u)
katempelan
bibit penyakit (9i)
mula
ayo padha njaga (7a)
kasarasan
perlu (6u)
awak
lan pikiran sehat (8a)
bisa
makarya kanggo golek rezeki (12i)
nyukupi
kulawarga (7a)
Topik “Tata Krama” :
marang
sapa wae padhaa ngurmati (10i)
mangkono
titikane wong Jawa (10a)
wong
kang becik tumindake (8e)
ja
duwe watak umuk (7u)
degsura
utawa kumaki (9i)
kuwi
watak kang ala (7a)
aja
dha ditiru (6u)
awit
kabeh mung titipan (8a)
samangsa
kersa Gusti mundhut bali (12i)
sanalika
bakal musna (7a)
Topik “Sekolah” :
saben
esuk aku tangi gasik (10i)
gage
cecawis mangkat sekolah (10a)
mesthi
dilempit kemule (8e)
sedhela
anggone adus (7u)
awak
dadi sehat lan resik (9i)
nganggo sragam sekolah (7a)
banjur
nyuwun sangu (6u)
diparingi
pira bungah (8a)
ngelmu
utamane wong sekolah kuwi (12i)
gamane
urip mulya (7a)
Topik “ Kabudayan” :
candhi
kalebu budaya Jawi (10i)
papan
suci umat hindhu budha (10a)
papan
kanggo ngagungake (8e)
Gusti
Kang Maha Agung (7u)
kang
paring rahmad lan rezeki (9i)
kabeh
titah sawantah (7a)
padha
mituhu (6u)
manengku
puja ndedonga (8a)
nyuwun
waras lan wiris marang Hyang Widhi (12i)
muga
bisa gesang mulya (7a)
Nama : Gita Savarina Sugiyanti
BalasHapusKelas : IX A / 18
Blog ingkang kajudul Nulis Cakepan Tembang Dhandanggula menika ngampilaken kula anggonipun ndamel tugas tembang Dhandanggula, blog menika sampun jangkep isinipun inggih punika sampun wonten pathokan anggone ndamel tembang Dhandanggula kaliyan sampun wonten tuladha cakepan tembang Dhandanggula.
Nama : Nei She Queen Al-Najwa
BalasHapusKelas : IXA/26
Blog "Nulis Cakepan Tembung Dhandhanggula" manfaat sanget kangge kula, amargi sasampunipun kula maos materi wonten blog kasebat kula dados ngertos pathokane tembung dhandhanggula, tembung garba, kaliyan tuladha-tuladha cakepan sekar dhandhanggula kalih topik ingkang benten-benten.
Nama : Sarah Pritalika Aldianova
BalasHapusKelas : IX A/29
Blog "nulis cakepan tembang dhandhanggula" menika gampil kula mangertosi. Kejawi menika, kula ugi keparingan bab pathokan tembang dhandhanggula lan tuladha-tuladha saking tembang dhandhanggula
Nama : Amanah Khalisul Aliffia
BalasHapusKelas : IX-A
Absen : 04
saking blog sekar dhandhanggula puniki kula saged dados miyos gampil nepangi tuladha tuladha sekar dhandhanggula, kejawi puniku blog puniki ugi ndadosaken kula nyerat sekar kaliyan langkung miyos sae, kathah tembung basa jawi ingkang dados kula ngertosi.
Nama : Maleeq Haikal Safiyullah
BalasHapusKelas : IX A
No : 23
Blog Basa Jawa bab tembang Dhandanggula niki isine wis lengkap lan bisa dadi preferensi yen arep garap tugas bab tembang Dhandanggula. Isine gampang di mangerteni lan tembung - tembung angel ing saben pada wis ana tegese. Kui nggampangna aku lan kanca - kanca ku nalika mangsuli pitakon bab tembang Dhandanggula.