Crita Legenda
Crita Legenda
Apa Legenda iku?
Legenda yaiku dongeng kang nyritakake dumadine sawijining papan utawa panggonan. Legenda kalebu crita fiksi jalaran critane direka-reka anane, utawa ngayawara. Senajan mangkono, dongeng legenda sakjane wis ana kawit biyen, sumebar kanthi turun-tumurun. Dening masarakat crita legenda dianggep bener lan dipercaya kedadeyane. Isine ngemot piwulang becik utawa pitutur kang migunani tumrap sapa wae. Pitutur kang bisa dituladha kanggo nggladhi kapribaden kang utama.
Titikane utawa Lengere Legenda :
a. Anonim, ora dimangerteni sapa sejatine sing nganggit.
b. Kalebu karya kolektif, dianggep duweke wong akeh, diduweni bareng-bareng
c. Statis, critane ajeg, ora ana owah-owahan saka jaman biyen tekan saiki.
d. Imajiner, nggambarake kedadeyan kang mokal (ora klebu ing nalar) anane.
e. Ngemu tuladha, nyritakake bab alan lan becik supaya padha dimangerteni. Sing apik diconto, sing ala dadi pepiling aja ditiru.
Jinine Legenda, kaperang ana papat :
1. Legenda Keagamaan yaiku legenda kang ngandharake crita para tokoh agama kayata walisanga.
2. Legenda Alam Ghoib kang awujud crita tahayul kanggo ngandharake menawa alam ghoib kuwi pancen ana.
3. Legenda Pawongan yaiku nyitakake wong-wong tertamtu kang kaanggep nyata kadadeyane, upamane Rara Mendut.
4. Legenda sawijining papan yaiku legenda kang ana gegayutane karo papan utawa panggonan.
Paedahe/Mupangate Crita Legenda:
1. Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga bisa kanggo hiburan.
2. Didaktif yaiku bisa kanggo dhidhik siswa dadi bener lan becik
3. Estetis yaiku ngemot nilai-nilai kaendahan
4. Moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral saengga siswa dadi nduweni moral kang becik
5. Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo sing padha maca.
Unsur Intrinsik Legenda
Yaiku unsur/perangan saka njero sing bisa mangun crita dadi apik lan ganep, kang dumadi saka:
Tema, paraga, watake paraga, setting/latar, alut/plot, sudut pandang, lan amanat/pitutur luhur.
Tuladha Legenda :
1. Asal-Usule Tlaga Menjer
2. Dumadine Kawah Sikidang
3. Dumadina Kutha Wonosobo
4. Asal-Usule Desa Garung
5. Mula-Bukane Tlaga Warna
6. Tlaga Pangilon
7. Asal-Usule Gunung Sindoro-Sumbing
8. Umbul Suradilaga
9. Candhi Arjuna
10. Dumadine Desa Andongsili
11. Asal-Usule Kawah Sikidang
Gladhen :
Critakna legenda kang ana ing sakiwa tengene omahmu sing kok ngerteni nganggo basa ngoko alus!
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Hapusmatur nuwun kanggo wawasan anyar babagan legenda jawa, artikel iki luar biasa mbiyantu πππ», Iki nerangake legenda kanthi luwih jelas lan lengkap. .
BalasHapusMatur nuwun kagem tuladhanipun babagan legenda, panjelasanipun ting artikel niki migunani sanget. Andharan ngenani legendha niku jangkep kaliyan prasaja sahinggo gampil dimangertosi
BalasHapuswah! materi bab legenda iki pancen migunani banget, aku dadi luwih ngerti apa kui legenda, ciri ciri ne lan paedahe apa maneh ana tuladha legenda saka daerah daerah. nambah wawasan lan rasa tresna marang budaya dhewe
BalasHapusmatur nuwun wis nuduhake materi sing apik iki! ππ»
Nama = Belgis fatimah zahra
Kelas = VIII G
No = 8
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusWow!!
HapusAlhamdulillah aku dadi tambah paham Karo materi sek di share Bu Eko niki, Gampang di ngerteni amarga Jelas, mboten katah kalimat sek ORA penting, nanging materine tetep lengkap, Blog Iki mantep banget nggo maca, Sinau terkait nguri-nguri Budaya Jawa, Matursuwun sanget Bu Eko
Diana Ramadani/10
VIII E
materi bab cerita legendha ing blog Iki gampang dingerteni, blog Iki wis nerangake bab cerita legendha kanthi jangkep lan runtut , blog Iki bisa nambah wawasan lan bisa gawe tuladha Ben Podo nguri uri budaya jawa
BalasHapusNadia Syafa Kamila /VIIIG/23
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapuswah materi bab iki gampang di ngerteni lan mengagumi banget, penjelasanipun ting artikel niki migunani sanget, legenda niki jelas lan lengkap ππ―
BalasHapusAulia Putri Anggraeni ( VIII G-6 ) Legenda sing diterangake wis runtut lan basa sing digunakake gampang dipahami. Penjelasane ndadekake cerita luwih nyenengake kanggo disinaoni.
BalasHapusNerangake bab legenda kanthi cetha lan gampang dimangerteni. Ing kana dijlentrehake yen legenda iku kalebu dongeng kang direka-reka nanging dipercaya bener kedadeyane. Blog iki migunani banget kanggo nambah kawruh lan ngajari kita supaya luwih ngajeni warisan budaya saka leluhur.
BalasHapusCrita legenda iki apik lan nyenengake. Basa sing dienggo gampang dipahami, lan pesen morale uga cetha.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapuspenjelasan bab criyos legenda menika gampil sanget wonten mangertosi dados miyos gampil kagem sinaunipun , enggal sanget lan kantenan
BalasHapusLegenda punika nyenengakΓ© lan ngandhut piwulang becik crita legenda nggambarakΓ© budaya, kapitadosan, lan ajaran moral saking jaman kapungkur
BalasHapusMateri punika sae sanget, saged nambah pangertosan kula babagan legenda. Carane nerangake cetha lan nyenengake. Matur nuwun nggih, Buπ
BalasHapusMateri punika saestu gampil kanggΓ© dipunmangertosi saha ngandhut kathah legenda ingkang paring tambah wawasan dhumateng kawruh kula ππ»ππ»ππ»
BalasHapusMateri punika sae sanget, saged nambah pangertosan kula babagan legenda. Carane nerangake cetha lan nyenengake. Matur nuwun Bu Ekoππ»
BalasHapusmateri bab legenda iki banget mbiyantu lan bisa gampang dipahami, dadi aku bisa luwih ngerti apa kuwi crita legenda ciri-cirine lan liya-liyane, crita iki uga bisa nambah wawasan lan crita iki bisa mbantu kita kabeh kanggo ngenal legenda ing daerah kita
BalasHapusQuinn Nesha Shaliha/ 29 / VIII G
BalasHapusmateri punika ngandhut piwulang ingkang migunani sanget. kula dados langkung mangertos babagan legenda lan paedahipun. caraning nyerat ugi gampang dipun waos. matur nurun nggih Bu Eko ππ»
materi niki gampang di ngerteni amergi runtut lan, blog niki saget langge nyinauni bab legenda ing kelas VIIIF. maturnuwun nggih Bu ekoπ
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusTeks iki wis nerangake apa kuwi legenda kanthi cetha lan gampang dingerteni. Isine lengkap, saka ciri, jinis, paedah, nganti unsur lan tuladhane.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusMateri punika gampil dimangertosi, kulo dados nambah pangertosan ing materi Legenda kasebut, Maturnuwun bu Eko ingkang sampun nambah wawasan kulo..ππ»
BalasHapusTeks iki wis nerangke apa iku crita Legendha kanthi cetha lan gampang dimangerteni. Teks iki isine lengkap lan cocog diwaca kanggo murid murid sing arep sinau babagan crita legendha.
BalasHapusMateri niki saestu gampil lan ngandhut piwulang legenda legenda kang saged dimangerti, maturnuwun Bu Eko
BalasHapusCrita legendha niki gampil dimangertosi. Kula dados langkung mangertos legendha lan paendahipun. Kajaba punika, crita punika ugi nglantaraken nilai-nilai budaya bangsa ingkang kedah kita lestarekaken.
BalasHapusMatur nuwun, Bu, caranipun panjenengan nerangaken nyenengake sanget, kula dados mangertos babagan legenda
BalasHapusTeks niki nerangake apa iku legendha . teks iki iso di mangerteni. lan cara nerangake pun cetha. matur nuwun bu eko
BalasHapusMateri punika gampang dipahami, dadi Kula saget sinau lan pahami apa iku legendha.
BalasHapusBlog puniki ngrencangi sanget Kula mangertosi crita rakyat. blog puniki gampil sanget dipunpahami amargi katenan, rinci, lan jangkep
BalasHapusMatur nuwun sanget bu Eko, saking legenda, kula saged sinau budi pekerti lan ngurmati kabudayan bangsa. Materi niku saget nulungi kula lan langkung ngertos babagan legendaππ»
BalasHapusTanggepan kula ngengingi materi crita legenda wonten blog menika, materi wonten blog menika manfaat sanget lan ndamel kula dados gampil sumerep materi bab crita legenda. Matur nuwun Bu Ekoππ»
BalasHapusMateri legenda,saget mewei wawasan ingkang budaya - budaya ing tlatah Jawa lan asal usul papan panggonan,matur nuwun Bu Eko sampun mewei wawasan kulaππ»
BalasHapusMateri menika sanget gampil dipun mangertosi lan materi menika ugi sanget cekap kangge sinau.
BalasHapusMateri babagan legenda sampun sae lan runtut. Penjelasan lan contoh migunani kangge mangertosi legenda kanti jero. Sampun sae lan becik. Maturnuwun bu Eko
BalasHapustanggapan kula menawi bab legenda , materi neng blog menaiki beri ilmu yang sae lan becik. lan kula bisa memetik manfaat e. matur suwun bu eko
BalasHapusMateri menika migunani sanget kangge kula, kula saged langkung ngertos babagan materi Legendha, matur nuwun sanget Bu Eko.
BalasHapusmateri menika sanget gampil dipun mengertosi lan materi kasebut mewei wawasan. maturnuwun bu eko π
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusFathir Azzami Fabian/17/VIII H
BalasHapusMiturut kulo, legenda iku crita jaman biyen kang ora mesthi nyata, nanging nduwe piwulang lan pitutur kanggo urip. Crita kaya niki bisa nambah kawruh, njaga budaya, lan ngelingake awake dewe supaya tansah ngajeni wong tuwo.
Matur Sembah Nuwun, Bu Eko
Rabu, 23 Juli 2025.
tanggapanku tumrap andharan materi legendha yaiku Bu Eko njlentrehake kanthi cetha. ditambah materi saking blog, dadi luwih gampang dingerteni. matur nuwun, Bu Eko.
BalasHapusmateri cerita legenda niki sampun lengkap lan gampil di mengertos, mewei wawasan. maturnuwun Bu Eko
BalasHapusMateri Legendha menika gampil dipunmangertosi, saengga kula saged ndherek piwulangan kanthi sae. Matur nuwun, Bu Eko.
BalasHapusmateri niki sampun kulo pelajari lan kulo ngerteni bab niki sampun jelas sanget, mugi mugi bermanfaat matur nuwun sanget bu eko π
BalasHapusBram Setya Wardana/VIIIH/09
BalasHapusMateri legendha menika narik kawigatosan kula amargi ngandharaken isi dongeng utawi legenda ingkang unik kula biyen ora bisa maca basa Jawa saiki Kula saget basa Jawa. Matur nuwun Bu Ekoππ»ππ»
Maturnuwun Bu Eko, materi menika sae sanged gampil dimengertosi, saged nambah wawasan kula
BalasHapusMateri iki nggawe kula ngerti apa iku babagan legendha, kulo dadi saged sinau budi pekerti, mengerti jinise dongeng kan jinise legendha
BalasHapusMatur nuwun sanget Bu Eko,
BalasHapussampun maringi materi babagan crita rakyat ing blog. Sawise kula maos, kula dados luwih paham lan mudheng isi materine. Nuwun sanget Bu, bloge migunani banget kanggo sinau. π
Matur nuwun Bu Eko, materi niki sae sanget kangge kula lan kula saged sinau bab materi crita legendha niki nganthi jelasππ»
BalasHapusMateri iki apik banget π£️❗❗❗ Tulisane jelas lan gampang dingerteni
BalasHapusCrita legendha niki gampil dimangertosi. Kula dados langkung mangertos legendha lan paendahipun. Kajaba punika, crita punika ugi nglantaraken nilai-nilai budaya bangsa ingkang kedah kita lestarekaken.
BalasHapusBlog niki saget langge nyinauni bab legenda ing kelas VIIIH. maturnuwun nggih Bu ekoπ
materi niki gampil di ngerteni lan sampun sae, kaleh blog niki pun cocok kangge sinau amerga runtut lan bener
BalasHapusmaterinipun sampun cetha lan manfaat sanget sanget kagem kula, kula dados ngertos kathah babagan materi kasebut, maturnuwun sanget nggih bu eko ππ»π
BalasHapusMatur nuwun, materi iki migunani banget lan nambah wawasan Kula Tentang Babagan Cerita Legenda.Materi ing bab iki wis cetha lan jangkep.Gampang dipangerti πππ»
BalasHapusTursuwun buk Eko materi Niki gampang dipahami lan mboten. Angel dicerna
BalasHapusMuhammad Fa'iq Rachmad/26/VIIIH
BalasHapusMateri ing legenda Kula Bisa wawasan asal usule papan panggonan di sampeake Bu Eko lan Kula dimengerteni
Matur nuwun Bu Eko
Matur nuwun sanget bu Eko, saking legenda, kula saged sinau budi pekerti lan ngurmati kabudayan bangsa. Materi niku saget nulungi kula lan langkung ngertos babagan legenda
BalasHapusMatur nuwun bu eko, materi niki sar sanget kanggo kula, kula dados ngertos kathah babagan materi kasebut ππ»
BalasHapusRafa ghafarani el syauqi /25/8E
BalasHapusCrita legendha niki gampil dimangertosi. Kula dados langkung mangertos legendha lan paendahipun. Kajaba punika, crita punika ugi nglantaraken nilai-nilai budaya bangsa ingkang kedah kita lestarekaken.
maturnuwun sanget bu, materi babagan legenda menika kulo remen lan saged kulo pahami kanthi sae , kulo dados luwih mangertos budaya
BalasHapusmaturnuwun bu eko, materi ni-ki sae sanget lan gampil dimangertosi, saengga saget nambah wawasan kulo teng babagan materi kasebut
BalasHapusMula-mula ,Maturnuwun sanget kagem Bu Eko. materi babagan legenda niki saged kula pahami kanthi sae , kula dados mangerteni napa iku legenda,jinise legenda,mumpangate crita legenda,lan unsur instrinsik kang mlebet teng crita legenda. Babagan crita legenda niki ngajaraken kula kanggo nguri-uri budaya ing sekitar.
BalasHapusmaturnuwun bu eko, pelajaran sampun ngewangi kula anggenipun mangertosi babagan punika kanthi langkung jembar, mliginipun kanthi wontenipun ringkesan niki. Wonten ing menika kula aturaken panuwun.
BalasHapusmatur nuwun bu eko, materi niki gampil lan ringkes dadi saget gampil mlebet teng otak (mudah dipahami)
BalasHapusmatur nuwun sanget bu eko ππ»