Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2023

Tembung Sanepa

  Tembung Sanepa Dening Eko Hastuti   Tembung Sanepa yaiku tembung loro utawa luwih kang ngemu teges mbangetake kanthi ngandhakake kahanan kosok baline. Tembung Sanepa dumadi saka   tembung kahanan (kata sipat) lan tembung aran (kata benda). Tembung Sanepa umume dianggo nalika ngandhakake bab sing kurang apik supaya dadi luwih apik, bab kurang sopan dadi luwih sopan, bab sing kurang trep diomongake dadi ora nyenggol atine wong sing dikarepake. Ning ing kahanan liya, kala-kala kanggo nyindir wong sing wis angel kandhanane supaya enggal sadhar banjur bali dadi apik maneh. Walikane, tembung Sanepa uga bisa kanggo ngalem wong sing pinter, manis, sregep, lan sapiturute. Kaya dene watake wong Jawa sing kebak samudana kareben tetep ditampa kanthi becik. Tuladha tembung Sanepa : 1.       Abot kapuk                    = entheng banget 2.       Abot merang sagedhang             = entheng banget 3.       Aji godhong garing        = ora ana ajine 4.       Arum jamban               

Mula Bukane Umbul Suradilaga

Gambar
  Mula Bukane Umbul Suradilaga Dening Eko Hastuti   1.       (Ringkesan nganggo Basa Ngoko Lugu)   Umbul Suradilaga Sawise Pangeran Diponegoro kasil dipaeka lan dipikut Walanda, akeh prajurite kang nerusake perjuangane kanthi sesindheman. Pangeran Puger lan prajurite tekan ereng-erenge Gunung Sindoro kanggo nyusun siasat. Wayah dhuhur rombongan kepingin leren arep sembahyang ning ora ana banyu. Pangeran Puger ngongkon Ki Jaga Sura supaya golek banyu karo menehi tongkat. Pesene, yen ora nemokake banyu, supaya tongkat mau ditancepake ana lemah. Nganti manjing Ashar Ki Jaga Sura ora nemokake banyu, mula tongkat banjur ditancepake kanthi ndedonga marang Gusti Kang Maha Agung. Ki Jaga Sura iku prajurit kang jujur, setya, lan sekti mandraguna.Panjaluke dikabulake, ing papan mau nyembur banyune kang bening. Pangeran Puger saandhahane banjur padha wudhu lan sembahyang. Banyu Tlaga saya gedhe dadi tlaga minangka sumber panguripan. Saben arep mangkat perang gerilya, prajurit padha ngombe

Perangane Allur/Setting : Legedha ing Wonosobo

Gambar
  Legedha ing Wonosobo (Perangane Allur/Setting) Dening Eko Hastuti   Legendha ing Wonosobo Meh saben wewengkon (wilayah) nduweni crita legendha dhewe-dhewe kalebu Kabupaten Wonosobo. Dongengan bab dumadine papan utawa panggonan sumebar ing madyane masyarakat sakiwa tengene papan kasebut. Kayata, legendha Tlaga Menjer, Mula Bukane Desa Lamuk, Mula Bukane Desa Pagerotan, Dumadine Kutha Wonosobo, Gunung Sumbing lan Gunung Sindoro, Asal-Usule Gunung Karang, Tlaga Warna, lan Legendha Tlaga Merdada, Asal-Usule Umbul Suradilaga, lan liya-liyane. Tembung Legendha asale saka basa Latin, legere lan basa Inggris legend . Legendha tegese sawijining dongeng kang nyritakake dumadine papan kan wis dianggep kaya prastawa nyata. Jalaran wis dipercaya yen dongeng mau minangka kededayan sing temenanan (nyata). Kamangka ora kabeh legendha iku asipat fakta, ana sing mung asipat imajinatif. Mula legendha banjur duwe tenger/ciri: anonim, kolektif, imajiner, statis, ngemot piwulang kang bisa dadi pa

Crita Rakyat Legendha

Gambar
  Crita Rakyat Legendha Dening Eko Hastuti   Crita Rakyat Legendha Crita Rakyat utawa dongeng iku minangka salah sijine wujud kasusastran Jawa kang sumebar kanthi lisan. Jinise ana 5 yaiku fabel, legenda, mite/mitos, sage, lan farabel. Ing kelas 8 semester 1, wulangan basa Jawa ngrembug bab legenda. Yaiku dongeng kang nyritakake asal-usule/dumadine salah sijine papan/panggonan. Dongeng iku ngemot bab piwulang becik kanggo ndhapuk kapribadhen luhur. Mula siswa kudu padha sengkut lan gumregut anggone nyinau. Supaya siswa padha nuladha watak utama saka para paraga ing sajroning crita, kayata nduweni tepa slira, lembah manah, grapyak gelem sapa aruh karo sapa wae, duwe kawicaksanan urip, lan sapanunggalane. Dongeng iku kalebu kabudayan kang ngrembaka ing madyaning bebrayan agung, senajan asipat fiksi nanging dipercaya anane. Crita Rakyat utawa dongeng kuwi sumbere ora cetha amarga mung asipat lisan. Olehe ngrembaka kanthi gethok tular wiwit jamane leluhur biyen. Mula bener lan lupu

TEMBUNG GARBA

Gambar
  TEMBUNG GARBA Dening Eko Hastuti Tembung Garba Tembung Garba iku dumadi saka tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji supaya ringkes, kanthi nyuda cacahing wanda (suku kata). Garba tegese weteng utawa ringkes. Digarba tegese digandheng dadi siji supaya ringkes. Tembung garba kerep tinemu ing teks kang kalebu karya sastra, tuladhane tembang jalaran bisa kanggo ngetrepake guru wilangan (cacahing wanda ing saben sagatra). Kejaba kuwi anane tembung garba uga ndadekake tembung mau nduweni rasa pangrasa kang endah. Alasan liya, tembung loro/luwih mau diringkes supaya luwih trep karo pakecapane wong Jawa. Tuladha tembung Garba: 1.       Age       + gelis   = aglis 2.       Ana       + ing     = aneng 3.       Arane   + iki      = araneki 4.       Dadi      + ewuh = dadyewuh 5.       Kadi + kaya      = kadya 6.       Lebda    + ing     = lebdeng 7.       Nara     + endra = narendra 8.       Maha     + resi    = maharsi 9.       Mara    + ing     = mring